Rerijig Pesisir Kanggo Para Pahlawan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 11 November 2020 06:13 WIB)
- Laporan



Tepak Dina Pahlawan 10 Nopember, iwuh paran hang apik kanggo mengeti lan ngucap terima nyang pahlawan? Lalare Banyuwangi teka pitung komunitas nganakaken rijig-rijig romot pelastik ring pesisir Grand Watu Dodol.
Ana 65 wong hang milu rerijig hang diarani Saberoplas (Sapu Bersih Operasi Sampah Plastik) ring pesisir kono, jare Ketua Portir Banyuwangi, Rubai Susanto, salah siji komunitas hang milu ring iwuh iku.
Komunitas-komunitas hang milu singkrih lan nyumbang tenagane yaiku: 
1. Portir (25 wong)
2. EcoRanger (3)
3. Osoji (6)
4. Kelise (10)
5. NECC (9)
6. YOT Bwi (2)
7. Pokdarwis GWD (10) 
"Dina iki dina Pahlawan, dadi kene kabeh iki nggawe kegiyatan hang apik kanggo para ruwahe pahlawan kabeh," jare Rubai.
Iwuh iki dudu hang kepisan. Sedurunge kumpulan komunitas iki tau tandang bareng ring World Clean Day (WCD) taun 2018 lan kegiyatane hing mandheg semono taping saya kerep tandang bareng. Masiya tawis koordinatore, Bayu, saiki wis pindhah nang Surabaya. Aksi Rerijig Sak Donya (Clean Up Day) dilakoni saben tanggal 19 September. Masalah perijinan hang ngurusi komunitas Geopark Ijen masiya sore iku komunitas iki hing ana hang milu singkrih. "Saben kegiyatan kudu nganggo ijin," jare Rubai.
WCD wis pindho dilakoni yaiku ring pesisir Pancer lan Parang Ireng. Setemene ana wolung komunitas hang milu taping ana siji komunitas hang saiki prei yaiku Ikatan Mahasiswa Kedokteran Banyuwangi.
Sedina tandang, lalare mau bisa ngelumpukaken romot pelastik hang akehe sampek 30 kilo hang aju diserahaken ring pengelola wahana.
"Hang dipuputi mung romot pelastik. Kadhung romot organik digeningaken bain, iku wis ana hang ngurusi dhewek."
Teka endi sokongan danane? "Seperene ya urunan dhewek. Nggawa panganan dhewek. Panitia mung nyedhiyakaken banyu ana ring galon," jare Rubai hang asal desa Sambirejo, kecamatan Bangorejo.
Ring mangsa pageblug iki, kegiyatane ya tetep miloni standar protokol kesehatan kayata wisuh, nganggo masker lan hing ulih parek-parekan.
Kadhung komunitas Portir Ad Dariat Banyuwangi  dhewek, setemene salah siji komunitas cabang teka wolung organisasi hang ana sak Indonesia. Kayata ana ring Lombok (Portir At Tahir), Jember (An Nasr), Jakarta (Ar Rum), Bali ( Al Lail), Pekanbaru (As Syafaat).
"Portir iku artine Program Terimakasih. Dadi kene iki ngucap terima nyang alam merga wis diwani panggonan urip. Dudu sakwalike," jare Rubai. Anggotane Portir Banyuwangi saiki ana 25 wong hang manggon ana ring Bangorejo, Pesanggaran, Purwoarjo lan Tegaldlimo. Lan mengarepe kepingine nggolet anggota teka kutha Banyuwangi pisan.
"Mula hang dadi anggota nong Portir iki wis rada tuwek-tuwek, akeh-akehe laki rabi," tambah Rubai hang wis umur 44 taun.
Kegiyatan Portir sak liyane Saber Oplas uga ana Jumat Bersih, Jumat Berkah, Khitanan Massal, Santunan Lare Atim, lan Go-Green.
Saben ulan Portir ya nganakaken rijig-rijig utamane panggonan kelenceran kayata ring Pulau Merah, Cacalan, Pancer, Parang Ireng, Teluk Biru lan Rawa Bayu.
Terima hang gedhi pahlawan kemerdhekaan lan pahlawan hang rerijig lingkungan!

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Hani Z. Noor