Resensi: Banyuwangi Teka Tasemake Turis
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 31 Juli 2025 07:58 WIB)
- Resensi
JENGGIRAT!
Sekumpulan Puisi
Halaman xviii+274
Penulis: Tengsoe Tjahjono
Penerbit: Delima, Januari 2025
Isun mbayangaken mandaneya kadhung Pak Tengsoe Tjahjono iki bisa basa Using. Merga maca buku puisine, Jenggirat, katon kadhung sekabehane unsur Banyuwangi ring tangane dadi karya puisi hang enak diwaca lan hing njelimet.
Pak Tengsoe, ambekane lair ring Jember, sakat SD sampek SMA (SPG Pandan Genteng) wektune dientekaken ring Banyuwangi.
Hing maido, isi puisine nduduhaken ati welas nong lemah perujukane lan ngatonaken kangene nang Banyuwangi. Kanggone wong hang wis puluhan taun ninggalaken Banyuwangi mesthi merujuk rasa kangen hang gedhe iku. Istilahe kanggo wong hang urip ring Banyuwangi selawase, mesthi hing tau temetes iluhe ngerungokaken gendhing "Tanah Kelairan" anggitane Pak Andang. Beda ambi wong hang urip ring tanah boroan.
Kangene nang Banyuwangi tepak iyane ring Korea, kelendi girange atine ngerungokaken sakcuil Banyuwangi teka gendhingane Catur Arum Usum Layangan.
Kuliyahe S1 sampek S3 ring UN Malang, aju Pak Tengsoe tau dadi dosen ring Universitas Negeri Surabaya, lan Universitas Brawijaya Malang. Aju telung taun mulang ring Hankuk University of Foreign Studies ring Korea Selatan. (sampek dadi salah siji judhul puisi: Kudengar Tembang Padhang Ulan di Tepi Han-Gang).
Tau ulih penghargaan minangka Sastrawan Berprestasi teka Gubernur Jawa Timur uga penghargaan Sotasoma teka BBJT.
Karya pungkasane seliyane Jenggirat!, hang epiloge ditulis Prof. Djoko Saryono,Guru Besar FS-UM, ana Pelajaran Menggambar Bentuk (2023), 17-an di Kampung Halaman (2024).
Pak Tengsoe ngemati siji-siji panggonan, produk budaya, adat, kesenian ring Banyuwangi kelawan niteni lan nguripaken obyeke iku mau ring puisine.
Naming kadhung hun deleng, Pak Tengsoe nyathet Banyuwangi ring puisi-puisine iki teka tasemake turis. Delengen bain endi ana panggonan kelenceran hang durung dibahas, endi ana suguhan panganan hang durung ditulis, endi cerita rakyat hang durung digarap teka Banterang Surati, Sritanjung Sidapeksa.
Kadhung hun sandhingaken isine, beda ambi gurit basa Using hang ditulis sasterawan hang uripe ring Banyuwangi kayata Kang Ujik (Ngerambah Ati), Eko Budi Setianto (Suwuk), Sentot Parijoto (Jagad Gandrung). Gurit Using akeh nguntabaken rasa ati bab sembarang hang ana ring pareke. Nawi merga gurit Using hang ngerasakaken wong Banyuwangi dhewek, sedheng puisine PakTengsoe diwaca wong umum, hing mung wong Banyuwangi.
Kelendi-kelendiya, Jenggirat! tetep kecathet minangka asil sastera hang nambahi sugihe donya sastera ring Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.