Resensi: Jejak Gandrung Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 09 Juli 2025 08:18 WIB)
- Resensi
Resensi
Jejak Gandrung Banyuwangi
Penulis: Eko Budi Setianto, Lilik Subari, M. Sn.
Halaman: 183+ xiv
Penerbit: Delta Pijar Khatulistiwa, Sidoarjo
Cetakan I, Mei 2024
Setemene hing akeh buku lan cathetan hang ditulis bab gandrung. Masiya (saiki) ibarate gandrung wis dadi maskote Banyuwangi. Jugedan hang nggawa arane bain lan dijugedaken ewonan lare, bisa dadi salah siji sisik melike pestipal hang bisa laris diedol.
Taun 1923, wong Landa manggon ring Licin yaiku Ottolander mentasaken gandrung ring kongres hang dianakaken ambi Java Instituut ring Bandung. Kanggo ater-atere iyane nulis artikel Gandroeng van Banjoewangi hang isine arupa bab gandrung, kelebu gendhing-gendhing gandrung.
Hang nomer loro ana maning kepala
sekolah Landa “HBS” (setingkat SMA) ring Blitar Johan Scholte uga nyathet asal-usule penari gandrung wadon kawitan ring Banyuwangi. Tulisane Gandroeng van Banjoewangi digawa ring kongres Java Instituut ring Surabaya taun 1926.
ngadhiri gandrung wadon kawitan, Scholte nulis gedigi: Hang kawitan tampil ring 1895, yaiku hang aran Semi, anak wadone Mak Midah pendhudhuk Desa Cungking hang magih nganut agama Hindu Jawa (Syiwa) ..... lan sak teruse.
Ring kene, Scholte mungkasi tulisane gedigi: sampek semene keterangan hang hun juwut teka Tuan Van Der Tuuk. Dene paragrap sak teruse Scholte nulis gedigi: Sejarah hang sun ceritakaken ini hun rungu dhewek teka cangkeme Mak Midah dhewek. Aju Scholte njelenterehaken riwayat kadhemane Semi tepak umur 10 taun sampek dadi penari gandrung.
Rong cathetan iki hang dadi rujukan emeh kabeh buku lan cathetan liyane merga hing ana rujukan tulis liyane.
Eko Budi Setianto (aran sebutane Budi Osing) kelebu penulis hang ajeg niteni gandrung. Iyane gelem nekani para gandrung hang umahe semebar ring desa-desa sak perlu nakoni pengalamane nggandrung. Budi ngerasa ngenes ndeleng hang nasibe susah ring dina mburine.
Asile ngerungokaken kisah uripe gandrung mau wis ditulis ring buku dwi-basa Isun Gandrung/Saya Gandrung (penerbit SKB 2022) hang myeritakaken uripe 33 gandrung. Sebagiyan (13 cerita uripe gandrung) dibaleni ana ring Jejak Gandrung.
Kanggonisun hang kerasa anyar ring buku iki yaiku bab gandrung terob lan wong-wong hang kesuwur teka genjot gandrung utamane para pemaju, pengudang lan panjak. Arang-arang buku hang nyeritakaken wong-wong hang wis nggawe tontonan gandrung dadi lan uripe. Setemene semono uga uripe tukang panjak ring kesenian liyane.
Hang nggawe kaget merga nyulek seru ring mata yaiku ilustrasi meru (menara sembayangane wong Hindu Bali). Nawi iki digawe ambi tukang atak (layout) penerbite hang hing bisa mbedakaken Banyuwangi lan Bali. Masiya akeh wong Hindu ring Banyuwangi, gambar iku lebih cocog kadhung dadi ilustrasi hang nggambaraken buku Bali dudu Banyuwangi.
Hang magih dadi PR maning kanggone penulis setemene nulis kisah uripe para gandrung paran anane. Ana pisan hang uripe apik, enak lan ketata. Merga ring Isun Gandrung lan dibaleni maning ring Jejak Gandrung, Budi mung nulis kisah uripe gandrung ring sak ubengane pitakonan bab omben-ombenan ring pentas gandrung lan kisah kawin-pegatane para gandrung.
Setemene kritik iki tau dijelentrehaken ambi Ketua Dewan Kesenian Blambangan, Kang Hasan Basri, tepak ngomongaken buku Isun Gandrung taun 2022.
Ring buku Jejak Gandrung, Kang Hasan nulis Ater-atere (Pengantar). Ring kono iyane ngengetaken gok gandrung iku produk kesenian masarakat hang multikultur lan ngeliwati rambatan wektu hang suwi.
Dadi aja ngarep-arep gandrung hang wutuh kaya bengene, hing ana uwahe blas. Mohal iku.
Siji maning, ketulis terbite Mei 2024, hing luput tah? Saiki wis tengah taun 2025.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.