Revitalisasi Sastra Lisan Kelawan Nguripi Maning Macaan Pacul Gowang

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 31 Juli 2021 06:25 WIB)
- Laporan



Nyatane pancen sing gampang anggone nggawe Revitalisasi hang tepak kanggone nguripaken maning hang aran sastra lisan ana ring Banyuwangi. Kadhung kegiyatane pancen gampang umpamane nggawe pelatihan utawa festival Macaan Pacul Gowang. Dewan Kesenian Blambangan (DKB) lan Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Banyuwangi ulih tantangan teka Balai Bahasa Jawa Timur lan Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan Nasional kanggo mujudaken revitalisasi sastra lisan Banyuwangi. Kawitane bingung milih hang endi hang keneng lan bisa diwujudaken program teka Kementrian lan Balai Bahasa iki.

Kayadene hang dinyatakaken Abdullah Fauzi (Kang Ujik) wong Dinas Kebudayaan hang uga anggota Dewan Kesenian Blambangan komisi Bahasa dan Sastra ring Aula mburitan Dinas Kebudayaan lan Pariwisata Banyuwangi tepak kumpulan ambi Ketua DKB lan pegiyat Macaan Lontar Pacul Gowang Banyuwangi. Sakwise milu Zoom Meeting iyane dadi duwe pikiran kanggo ngumpulaken sulung pengurus DKB lan praktisi Macaan Pacul Gowang Banyuwangi.

Ketua DKB, Hasan Basri, hang dadi pimpinan rapat dina iku, Jemuwah, 30 Juli 2021 nguweni ancer-ancer kayadene penemune Kang Ujik kadhung revitalisasi iki nduwe tujuan ngelestarikaken sastra lisan hang arupa basanan, wangsalan lan macaan hang ana ring pertunjukan Macaan Pacul Gowang.

Ali Kenthus salah sijine Praktisi Macaan Pacul Gowang hang nekani rapat iku uga kepingin ndadekaken kegiyatan iki bisa mbalekaken kesenian pacul gowang hang trep ana ring pakem kaya sakdrunge, umpamane kaya Macaan Pacul Gowang magih jamane ruwahe Aljin magih ana. Sekirane kabeh anggota rapat dina iku pungkase sakpenemu kadhung macaan hang arep dianakaken ring wujud pelatihan lan festival iki didadekaken pokok-pokok yaiku Macaan Pacul Gowang hang aseli lan hang durung kecampuran kaya dene Macaan Campursari hang ana saiki iki. Perkara pengembangane engko sak karepe hang arep nggawe kreasi hang penting hang pokok kudu digawa ajeg sulung.

Misran Watukebo salah sijine praktisi Macaan Lontar gaya Baru Campursari iki nyatakaken saguhe didapuk dadi narasumber kanggo muruki lare nom-noman ring pelatihan Macaan iku mau.

Rapat kawitan anggone mujudaken Revitalisasi Sastra Lisan Banyuwangi iki nyepakati materi hang arep diajaraken ana ring pelatihan yaiku, 1. Laikan Pacul Gowang, 2. Basanan lan Wangsalan Macaan Pacul Gowang, 3. Macaan Lontar Pacul gowang, 4. Struktur lan Dramatisasi Macaan Pacul Gowang, lan 5. Teatrikalisasi ring Macaan Pacul gowang.

Sakteruse anane wong hang teka ana ring rapat iki arep nggawe konsep hang bener anane alur lan babakan ana ring pertunjukan Macaan Pacul Gowang dienggo dhasar penyusunan program lan dhasar materi ana ring pelatihan Macaan Pacul Gowang iku mau.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Antariksawan Jusuf