Ring Endi Ana Lontar Nganggo Basa Using?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 08 Februari 2022 12:01 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Ring antarane 50 lontar (mung dadi 49 kadhung Alquran tinggalane Kiai Saleh Lateng hing katut diitung) hang wis disusun ring Wiwin Indiarti sak kancaan dadi Katalog Naskah Kuno Banyuwangi, ana tah hang nganggo basa Using?
Jare cathetan Katalog iku ring Banyuwangi akeh naskah kuna hang dikelumpukaken ring wong Landa pejabat urusan basa hang aran Th. Pigeaud sak suwine petang taun (1927-1931). Kala semono Banyuwangi lan Indonesia magih dadi wilayah jajahan pemerintah kolonial Landa. Ulihe sak suwine 18 taun ngayah ring Jawa, iyane wis ngelumpukaken atusan naskah. Tepak Jepang njajah tanah Jawa, jare Pigeaud akeh naskah hang ancur lan ilang. Taping ana hang bisa diselametaken lan saiki disimpen ring Ruang Naskah Perpustakaan Universitas Indonesia.
Akehe naskah teka Banyuwangi iki nduduhaken gok Banyuwangi bengene dadi salah siji pusat naskah. Pak Zoetmulder ring buku Kalangwan, Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang ya wis nengeri bab iki. Beda ambi kahanan ring wilayah Jawa liyane hang cerita kidung-kidunge nyeritakaken ‘sastra keraton’, jare pak Zoetmulder naskah-naskah hang ditemokaken ring Banyuwangi abad 17 sampek 18 malah ceritane nduweni sipat ‘kerakyatan’ merga pengaruh ‘penuturan sastra lisan.’ Cerita hang ditulis mula wis akeh ditatah ring relief candhi-candhi jaman Majapahit taping ceritane aseli Jawa masiya akeh pisan dewa-dewa ring mitologi India lan tokoh ring Mahabarata hang njumbul.
Hing maido, merga jaman semono Belambangan magih dadi kerajaan Jawa-Hindu hang pungkasan. Naskah-naskah hang ditulis nganggo basa Jawa kuna pertengahan uga akeh nyesep basa Sansekerta teka India.
Ceritane Pak R.M. Ng. Poerbatjaraka ring bukune Kepustakan Djawi, aksara Jawa hang saiki magih dienggo iku gawanane wong Hindu India hang teka ring Jawa kira-kira kawitane taun masehi. Aksara Hindu iku kawitane dienggo nulis surat kanggo bangsane dhewek. Basa paran hang dienggo? Hing jelas taping kanggone ancer-ancer ana tulisan hang paling tuwek ring Jawa iku basane basa Sansekerta. Suwine suwi wong Hindu kawin ambi wong-wong Jawa, anak-anake nganggo basane emake lan kancane menganan hang nganggo basa Jawa deles. Suwi-suwi, wong peranakan campuran iki saya akeh, basane ya campur. Paran maning akeh wong Jawa hang aju melebu agama Budha Mahayana, hang ajarane akeh ditulis nganggo basa Sansekerta. Dene basa Jawa kuna diarani basa Kawi, taping ambi wong Landa diarani Jawa kuna.
Ya hing mohal kadhung pengaruh basa Sansekerta ring basa Jawa Kuna seru gedhine. Zoetmulder ring Ater-ater Kamus Jawa Kuna-Indonesia ngomong gok Ring kamus iku hang kira-kira entry-ne ana 25.500, 12.600 entry langsung tah sing asale teka Sansekerta.
Pak Poerbatjaraka mbagi serat-serat Jawa kelawan pirangane bagiyan. Ana hang nganggo basa Jawa Kuna Tuwek, Jawa Kuna Tengahan, Jawa Kuna Enom. Hang kelebu ring Jawa Kuna Tengahan iki umpamane lontar-lontar hang ana ring Banyuwangi kayata Sudamala, Serat Sri Tanjung. Lare Using saiki magih ngenali sithik-sithik ucap-ucape merga basa Using anyar ya magih mituhu nggandholi basa asale. Naming kadhung hing dialihbasa lan ditransliterasi ya hing bisa ngarteni. Paran maning akeh pisan ucap-ucap hang wis uwah.
Ring basa Jawa Kuna, /sira/ artine kata ganti orang ketiga dene ring basa Using anyar artine kata ganti orang kedua.
Gandaruwa/gandaruwo, artine cuba hang medeni. Ring aseline, basa Jawa kuna lan Sansekerta, Gandharwa (Sans) artine mahluk setengah dewa hang rabine para apsara yaiku golongan dewi-dewi hang manggon ring langit taping magih kerep melaku-melaku ring bumi.
Aja adoh-adoh, ring taun 1915 tepak bupati Notodiningrat ngetokaken babad Notodiningratan, ring lampirane ana cathetan bab basa Using. Ana pirangane ucap hang wis uwah. Iku buru satus taun.
Umpamane:
/tegih/ saiki dadi /kemarang/(basa Jawa)
/Lakar/ bengen artine ‘bakal’ saiki ganti artine dadi bahan kayu kanggo bangunan
/Ngimplong/ saiki dadi /ngomplong/
Balik maning ring pitakonan, anatah lontar hang basa Using? Ring 50 naskah kuna hang ana nganggo basa Arab, Jawa, Medura lan Melayu. Sedheng istilah Using iku bain buru jumbul tahun 1920-an, dadi ya lumrah kadhung naskah-naskah mau hing ana hang nganggo basa Using. Sakjege dikenalaken penulisan Latin tahun 1904 sampek tahun 1970an, wong Banyuwangi kaya wong picek aksara. Hing ana maning naskah-naskah sastra hang ditulis hang tau dadi cirine Banyuwangi. Dadi kelendi? Mayo milu nguri-uri basane mbah buyut, kelawan milu nulis nganggo basa Using.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.