Ritual Adat Keboan Aliyan Sing Keneng Dicegah

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 16 Agustus 2021 06:44 WIB)
- Laporan



Adat Keboan Aliyan hang biyasahe dianakaken setaun sepisan ana ring ulan Sura antarane tanggal siji sampek tanggal 10 Sura iki kawitane dipastekaken sing ana. Gelema ana naming digawe sederhana  mung selametan ana ring masjid,  ring latar pinggir dalan ngarep umahe dhewek-dhewek lan ana ring perapatan-perapatan dalan desa Aliyan.

Kabeh masyarakat desa Aliyan wis nyadhari dhung mangsa pandemi iki kudu bisa njaga awake dhewek lan njaga masarakat teka resiko penularan virus covid-19 hang saiki saya ganas iki. Tegas, Kepala Desa Aliyan Pak Anton Sujarwo wanti-wanti nyang masarakate. Sing luput ambi nekani ritual hang ana ring rong panggonan yaiku Dusun Sukodono lan Dusun Krajan Aliyan, Lurah hang mesti katon mbois lan sagah iki merga magih enom umure iki, ngedumaken masker nyang masarakate hang katon sing nganggo masker ana ring ritual adat Keboan dina iku.

Iki sing bisa dicegah lan dipenggak maning mergane iki urusane adat hang wis turun-temurun diyakini masyrakat. Pemerintah desa lan ketua adat Keboan Aliyan mung bisa ngewatesi jangkah lan wektune bain makene sing kariya suwe lan sing kariya umpel-umpelan. Maning hang penting kudu njaga awake nganggo protokol kesehatan, paling sing ya nganggo topong (masker) iki, gediku keterangane Kepala desa Aliyan nyang reporter belambangan.com nalika ditakoni apuwa adat keboan iki magih dilakoni bain ring musim pandemi covid-19 iki paran maning ring mangsa PPKM Darurat Level 4 iki.

Dina iku Ahad, 15 Agustus 2021 utawa pas ana ring tanggal 6 Sura taun iki rong panggonan hang dadi punjere ritual adat Keboan Aliyan yaiku Dusun Sukodono lan dusun Krajan bebarengan nganakaken bersih desa utawa selametan desa hang wis kesuwur nganggo aran Keboan Aliyan.\

Isuk jam 06.00 Kebo-kebo wis padha ndadi mara nyang umahe pawang (ketua adat) sedela ana ring kana kanggone mara nyang sanggar pamujan keboan aju pada diarak nuju nyang perapatan. Ring umahe ketua adat wis dicepaki uba rampe hang jangkep kaya dene janur, sanggar pamujan, para bungkil lan sing luput sekul arum (menyan).

Ring kana katon Lurah Anton Sujarwo lan Babinsa Sunandar uga Kamituwa dusun Sukodono ngawiti lakune kebo ambi sing leren-leren perangkat desa liyane ngedumi masker nyang masyarakat pelaku adat Keboan iku. Hang penting padha selamete ya Kang, gediku Kamituwa Sukodono ambi ngedumaken masker nyang pelaku adat keboan hang ana ring pareke reporter belambangan.com hang ngeliput ritual kuna hang sampek saiki magih ana iki.

Sakwise Keboan melaku nyang perapatan bareng ambi uba rampe kayata sanggar pamujan, teter lan singkal, sesaji asil bumi, uga sing lali sekul arum digawa kabeh nyang perapatan. Ring perapatan wis ana guyangan kebo hang arupa kulah cilik sing kariya gedhe naming cukup anggone sarat aduse keboan ana ring kana.

Sing suwe uga ana ring perapatan mari diarak ider bumi nyang dalan-dalan kampung keboan balik maning nyang perapatan aju pamitan mulih. Saknalika masyarakat bubar balik maning nyang umahe maning dhewek-dhewek mung katon panitia lan kamituwa-kamituwa bain hang gesah-gesahan ring njabane umah P. Suyit. Sing lebih teka jam 10.00 Wib kabeh ritual adat Keboan wis mari.

Suyitno hang dadi pawange keboan utawa ketua adat keboan ngaku wis lega bisa nyembadani ritual iki. Merga iyane uga sing wani tanggung jawab kadhung ritual bersih desa Keboan iki sing dilakoni. Iki urusane ambi wong alus utawa lelembut. Mergane kadhung iki sing dilakoni bangsa alus iku mau terus nggudha nyang masarakate. Ana bain saban dinane wong kesusupan utawa wong ndadi kebo, gediku keterangane Suyitno ana ring umahe Sukodono ring pinggiran sawah.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Antariksawan Jusuf