Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 26 Oktober 2025 07:09 WIB)
(Roncean Cerita) Gendhing Kembang Cicir (3)
(Roncean Cerita)
Gendhing Kembang Cicir (3)
Anggitane Kang Ujik
Mery magih temungkul lungguh ring kuwadhe. Iluhe uwis padha semangsang ring idep pasangane. “….Sun impekena kauripan…..hang agung endah nggawa senenge isun lan rika lungguh kuwadhe….. gandane kembang hang dadi saksine…..!” abane gendhing mencirataken ati. Hang nyanyi malah ambi meringis-meringis nyapa dhayoh hang uwis padha kenal.
* * *
Mari nerima jajan teka Tejo, Mariyamah bingung. “Ana paran iki?” takone. “Dina iki tanggal lan ulan kelairanisun. Isun ya lali. Kanca-kanca nungkul Isun kene mau!” semaure Tejo. Kanca-kanca sak kelase Mariyamah kerungu aju padha ngucapaken selamet ning Tejo. Kanca-kanca hang juwariyan, nututi Tejo balik ning kelase. Sing weruha ring kelase Tejo uwis dicepakaken kitar, merga Tejo mula lancar kitaran. Mariyamah lan kanca-kanca sak kelase athuk-athuk ring cendhela kaca kelase Tejo. Tejo mangkat lungguh ring kerosi lan aju gendhingan: “Rika lare hang sun puja….ngeraina katon ring mata….kadhung bengi teka ring impi….saya welas rasane ati………rika lare hang sun puja….semene lawase sing ketemu……iki isun wis ning arep rika…..arep medhot rasane kangen……Taping paran saiki nyatane….rika wis ana hang duwe…..apuwa rika nyulayani….peteng rasane donya iki….siji hang sun jaluk ning rika….dongakena awakisun iki…..urip keleleran merana-merana…..rasane ati kaya mati………” gendhing iku dibaleni sampek ping pindho. Serta uwis mari gendhingan, pas jam 07.00, bel melebu sekolah muni.
“Eh lare, jam tembok iku becikena maning. Pasena. Saiki jam pitu pas!” abane Ketua Kelas, Joko. Sekala iku Ujik ambi Usup njunjung meja dideleh ring ngingsore jam tembok. Selamet congklang aju munggah ring meja mau, lan mecikaken pandome jam hang isuk mau diajokaken 45 menit. Tejo sing ngerti gok sakat mau, Mariyamah athuk-athuk ring cendhela kelase ambi kecap-kecap mangan jajan tar. Mesthine ya kerungu ning gendhingane Tejo. Kerana ana suwarane bel sekolah nengeri melebu kelas, Mariyamah sak kancane padha balik ring kelase. Jangkahe kaya katon pelo.
Pantese temenanan ulihe ngerungokaken gendhinge Tejo. Sampek kepikiran: ”Aja-aja gendhinge Kang Tejo iku kewujud ring dina mburi”.
Kerana ana rapat guru, pelajaran dina iku mung gadug sampek jam.09.00. Kabeh murid dimulihaken. Main royake. Kabeh metu teka kelase dhewek-dhewek ambi muyab, sundhung-sundhungan, cekakakan lan ana hang pelayonan kaya lare cilik. Mariyamah ngadeg ring pinggirane lawang pager sekolahan. Nganteni Tejo metu teka kelase. Matane mencilak nalika weruh kanca-kanca wadone Tejo katon padha moyoki Tejo ambi naboki lengen lan pundhake Tejo. Mariyamah katon seru gok awake copar. Sing kerasa iluhe merambat ring pipine ambi celuk-celuk: "Kang Tejo…..Kang…..!” Tejo nulih ambi njunjung tangane aju melaku gancang marani Mariyamah.
Dina iku nana gesah hang bisa ngeliri birune langit. Nana suwarane gesah sedawane dalan mulih. Tejo weruh, Mariyamah ngiluh sing mandheg-mandheg. Tejo bingung, paran setemene hang nggawe susahe.
“Mar….tuku nyen hulung yuk!” ejake Tejo ambi ngered tangane Mariyamah hang sing kathik semaur, katut pengajake Tejo. Lare loro iku milih lungguh ring meja bucu warung. Ambi nganteni dilayani, Tejo njuwutaken sak jembung penthol garing hang uwis dikecroti saos, kecap lan sambel. Sak jembung dipangan keloronan.
“Mar….dina iki mesthine Rika milu dhemen merga kanca-kanca sak kelas padha guyup rukun ambi Isun……..!”
“Dhemen….Isun milu dhemen…..!” abane Mariyamah ambi manthuk-manthuk.
“Naming apuwa gok sakat teka lawang pager sekolahan sampek gadug warung kene iki, Rika meneng thok. Sing kaya adate Mariyamah hang dhemen poyokan, dhemen cekakakan, Mariyamah hang dhemen muyab…Sak dawane dalan meneng ambi usap-usap iluh. Ana paran sih Mar...?”
“Rika gendhingan mau iku kanggo sapa? Isun weruh gendhing iku durung tau ana hang kerungu. Iku gawenanrika dhewek. Kanggo sapa ?” dhedhes Mariyamah ambi nutupi raine hang uwis teles ambi iluhe. Mbok Sapiyah hang dodol nyen sampek nulih Tejo sing kethip.
Endhase mancul kaya jaran, tengere takon. Tejo sing semaur, mung ndeleh derijine ring lambene dhewek.
“Ngombe es teh tah teh anget?” takone Mbok Sapiyah ambi ndeleh rong jembung nyen ring mejane Tejo lan Mariyamah.
“Es teh Mbok. Loro!” semaure Tejo.
“Siji bain Mbok!” abane Mariyamah. Mbok Sapiyah nulih Tejo hang manthuk-manthuk. Tejo ndulang sak sendhok nyen ning Mariyamah. Mariyamah kecap-kecap ambi nemplekaken pipine ring lengene Tejo. Mariyamah uga ndulang Tejo. Lare loro dulang-dulangan. Mbok Sapiyah hang uwis sepuluh taun dadi randha iku nulihi Tejo lan Mariyamah ambi mencap-mencep.
“Byek, kari arep Isun…..!” poyoke Mbok Sapiyah ambi mungkur.
“Halah……kaya lare enom ak yuh….!” Abane Tejo ambi tetep ndulang Mariyamah.
“Rika bengen gedigi tah Mbok?” takone Mariyamah ambi ngelirik Tejo. Tejo munyik. Mbok Sapiyah mara ambi nggawa sak gelas es teh lan dielungaken ning Mariyamah. Gelas es teh dicandhak aju diuyubaken ning Tejo. Mari ngombeni Tejo, iyane nguyub dhewek. Tejo malung-malungaken rambute Mariyamah hang ndelewer ring bathuk lan pipine. Mbok Sapiyah milu lungguh ring ngarepe Tejo lan Mariyamah.
“Uwong umah-umah iku enak tah, Mbok?” takone Mariyamah.
“Ya enak sing enak Beng. Enake kadhung sekabehane kebutuhan uwis cemepak. Wayahe turu, guyon-guyon keloron….!” Abane Mbok Sapiyah.
“Kadhung wayahe turu paran enake Mbok, barang ngorok?” takone Tejo muyab.
“Ya…enake nana imbangane Jo. Kaya sate gule ya using. Mbesuk tah candhakena kadhung uwis umah-umah…..Sekolahira magih suwi tah?” abane Bik Sapiyah dipungkasi takon.
“Kira-kira magih kurang rong ulan engkas, Bik!” saut Mariyamah.
“Em….emeh wis yuh……Isun kerungu kabar, tutup buku bukak terob!” poyoke Bik Sapiyah.
“Jare Isun, Isun thok hang kerungu ya Mbok,” abane Tejo.
“Kok, kok…..mesthi wis…..nggarai kepikiran….!” Saute Mariyamah ambi kaya arep ngadeg lan dipenging Tejo. Bangkekane dicandhak sampek lungguh lan awake sampek sendhen ring dhadhane Tejo.
“Mempengan ak yuh!” Jare Tejo ambi ngusap-usap rambute Mariyamah. Mbok Sapiyah aju ngadeg merga ana uwong tuku nyen.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
_Gendhing_Kembang_Cicir_(5)-41710.jpg)
_Gendhing_Kembang_Cicir_(4)-82002.jpg)