Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 26 Juli 2026 05:50 WIB)

(Roncean Cerita) Titisan


Anggitane Kang Ujik

Ring wates kampung Jelun lan Lebak ana pondhokan cilik hang akeh santrine. Santri-santri wadon diwulang Nyai Wadiyah lan santri-santri lanange diwulang Wak Guru Madsam Kodhim. Apuwa gok diceluki Madsam Kodhim? Merga bengene milu perang gerilya tahun 1947-1949. Nyai Wadiyah lan Wak Guru Madsam Kodhim iku duwe anak loro. Anak kawitane hang aran Juwariyah uwis suwi ulihe umah-umah ring Surabaya, dadi rabine guru sekolah dasar hang arane Pak Bandi. Naming sampek limalas tahun durung duwe momongan. Mulane, selawase Selamet, adhike Juwariyah, kuliyah sampek mari ring IAIN Sunan Ampel tahun 1980-an, sing bingung bandhane kos. Sakat mari wisuda sewulan kepungkur, Selamet magih durung kepingin mulih nyang Banyuwangi. Bisa bain pikir-pikir kepingin megawe ring Surabaya. Sedheng hang ring umah, Nyai Wadiyah lan Wak Guru Madsam Kodhim uwis duwe angenan dhewek-dhewek.
“Isun kepingine, Selamet gelem Sun rabekaken ambi santrinisun hang saben isuk nulungi ngisi cedhing, korah-korah lan nyapokaken latar umah iki. Larene ayu, geromyoh lan pinter pisan. Sing pati ana omonge, naming akeh apalan kitabe,” jare Nyai Wadiyah ambi metenggengen nyawang pyan umahe.
“Sing bisa. Lare iku makene lanyah nyekel pondhokan iki sulung. Isun perlune ngirim Selamet nyang Surabaya, kuliyah ning IAIN Sunan Ampel, makene duwe ilmu agama hang dhuwur aju bisa ngembangaken pondhokan iki dadi pondhokan hang gedhi. Santrine bisa teka endi-endi,” saute Wak Guru Madsam Kodhim.
“Paran gunane pesantren gedhi, santri ewonan taping hang nyekel sing payu rabi. Bangur dirabekaken sulung, hang wadon diejak ngerewangi ngerumat santrine. Iku buru bener,” jare Nyai Wadiyah ambi nduduhaken jempolane ring bacote hang lanang. Wak Guru Madsam Kodhim nyawel jempolane hang wadon ambi ngunduraken endhase, sampek kejadhug saka.
“Jempolan mambu terasi diparekaken bacot yah. Nagud Rika ikai!” abane Wak Guru Madsam Kodhim ambi dhenguh-dhenguh. Rabine ketheng-ketheng ambi ngincling nyang pawon. Njumbul Sanati, adhik misane Selamet teka emake. Pantese bain, sakat mau nguping gesahe uwake.
“Kang Amet iku emeh seminggu sepisan kirim surat ning Isun, Wak. Isun sing mikir dulur wih. Pokoke sing sak wali, ya emong nampik Isun wis Wak,” abane Sanati ambi ngadeg ring ngarepe Wak Guru Madsam kodhim.
“Iki maning, ngaliha, ngaliha….perot kai!” bentake Wak Guru Madsam kodhim ambi njingkat teka kerosine. Sanati kepelayon nyang pawon nemoni Nyai Wadiyah hang bangete nggerus sambel. Ambi keposong-posong Sanati njaluk tulung ning Nyai Wadiyah, kadhung awake dibentak Wak Guru Madsam Kodhim. Uwak wadone iku gemuyu suwing.
“Ketang Sira ikai. Sing weruh jeluntrung kawitane, milu-milu ngomongaken masalah Kang Amete. Wis kana! Dandange indelen sulung. Engko beras hang uwis pucusan tubleken ring kukusan. Kadhung  banyune wis gemulak, kukusane tumpangena ring ndhuwure dandang,” jare Nyai Wadiyah nggamblangaken. Merga kadhung sukur-sukur perentah ning Sanati, mesthi akeh salahe. Akeh meliguke.Tau dikongkon golet rencek malah memengan engklek ring latare langgar pesantren.
“Kelendi mau, Wak?” takon Sanati ngagetaken.
“Parane, Ti?”
“Wedange kono mau!”
“Dikongkon ngindel dandang, wedang yah. Ketang”.
“Yeh…ngindel dandang?”
“Enggih ndara putri….!” Semaure Nyai Wadiyah ambi ngelus dhadha.
   Sanati aju gancang-gancang numpangaken dandang ring bengahan, aju diisi banyu hang dicidhukaken teka genthong bucu pawon. Aja takon cecerane banyu. Hang aran lemah pawon sampek alid. Mari gedigu aju ndeleh beras pucusan ring kukusan lan ditumpangaken ring ndhuwure dandang. Perentahe mau gedigu. Nyai Wadiyah lali ngongkon dandan geni sulung.
“Sira ning pawon kene bain ya Ti. Isun nak methik terong sulung. Uwakira lanang kepingin dikulubaken terong lan empol kelapa, dicampur sambel kecap, diakehi irisan bawang abange,” jare Nyai Wadiyah ambi nggawa irig metu teka lawang pawon. Sanati semaur ambi serongoban aju nggelethak ring pelanca galar hang ana ring iringane lawang tengah.
   Wak Guru Madsam Kodhim njumbul teka lawang tengah, dhileg-dhileg ambi nyawang Sanati hang keturon. Cangkeme ngoplok ambi ngorok. Ilure emeh gadug pucuke lambene.
“Iku ngindel paran. Aju kapanane mangan iki? Adang taping sing dandan geni sulung. Nawi nagud Sanati iki wih!” nggerundeng Wak Guru Madsam Kodhim aju ngalahi urub-urub. Geni ndadi, Nyai Wadiyah njumbul teka lawang pawon ambi ngindhit tenong isi terong lan godhong pupuse sawi.
“Subhanalloh…!” abane ambi ngedhunaken tenong.

{ana terusane}

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor