Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 30 Agustus 2026 10:21 WIB)
Roncean Cerita: Titisan (5)
Garapane Kang Ujik
Sak mudhune ngaji Duha, para santri lanang lan wadon hang uwis dianggep gedhi lan bisa njaga awake, padha njuwut banyu caruk. Santri-santri wadon njuwut ring banyu caruk hang parek-parek teka Jelun lan santri-santri lanang njuwut ring banyu caruk hang rada adoh teka Jelun.
“Salamah, Alkomah, Sanadah lan Parisiyah milu Isun ambi nggawa timba. Ayo mengingsor nyang Ledhok. Ring kana ana banyu-caruke!” ajake Jamalah, santri wadon hang uwis jabil uwanen. Kanca-kancane iku semaure emeh barengan ambi bingung nggoleti timba ring pawon pesantren.
Sing kathik gesah, santri-santri wadon iku ngunthul kaya uwong baris. Serta uwis rada adoh ulihe melaku, Jamalah mara-mara ngagetaken selawatan: "Shalallaahu’ala Muhammad…. Shalallaahu’alaihi wasallaam…. Shalallaahu’alaa Muhammad Shalallaahu’alaihi wasallim….!” Kanca-kancane bareng-bareng nyauti. Karepe Jamalah makene sing kerasa ulihe melaku nyang banyu-banyu caruk. Selawat Jibril iku diunekaken sampek gadug bed - Yaa Habiibiiyaa Muhammad - lan seteruse.
Santri-santri lanang bida maning tingkahe. Masiya ambi nggawa timba, melakune sing carem kaya santri-santri wadon. Ana hang melencat-melencat kaya terwelu, ana hang ambi serawat-serawat jambu hang uwite merujuk ring pereng-pereng kalen. Ana hang ambi poyokan.
“Enake, Halilik iki diulihaken Sanati lare,” abane Rido’i ambi gemuyu ngakak.
“Kadhung mula jodho, masa paran-paran. Bara enak dadi keponakane Pak Guru Madsam kodhim,” poyoke Salamun.
“Ya sekaken lare, Halili meneng, Sanati mbenu gedigu iku,” jare Idroki.
“Ya… keturunane makene dadi lare hang wateke lan sipate tiba sedheng,” saut
Sumari. Ketungkul melaku ambi poyokan, para santri iku sing kerasa uwis gadug Banjar. Meruput dalan mudhun ring pereng kalen aju meruput golet banyu caruk.
Wayah asar, para santri hang njuwut banyu ring banyu caruk uwis padha teka. Mari sembayang asar hang adate ngaji kitab Sulam Sapinah, kala iku perei, merga ana acara -Sanati adus banyu keluwung-..
Sanati dibelebet tapih kawung sakat teka ndhuwure dhadhane aju dilungguhaken ring bathuke bengahan pawone Nyai Wadi’ah. Banyu hang dijuwut teka sangang-banyu caruk uwis dicampur dadi siji ring genthong kosong hang mula dicepakaken ambi dicampur kembang setaman. Nyai Wadi’ah mangkat ngedusi Sanati nganggo siwur. Kanca-kanca santri wadon padha maca selawat nariyah hang dibolan-baleni sampek Nyai Wadi’ah mari ngedusi Sanati.
“Alhamdulillaahi robbil 'aalamiin…. banyu caruk lan kembang setaman uwis ngeresep ring awake Sanati. Muga ati lan pikirane bisa dadi lebih apik, sipat lan wateke sing kaya lare cilik maning lan jangkahe bisa ketata lan ketiti kaya dene lare-lare wadon liyane. Nawi cethek jodhone ya muga gancang umah-umaha, nawi durung ana jodho muga gancanga teka. Aamiin….” abane donga Nyai Wadiah mungkasi acara adus banyu keluwung.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.