Tamba Herbal Kanggo Wong Setres

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 19 Agustus 2026 07:08 WIB)
- Opini



Wong urip iku ring Gusti Kang Maha Kuwasa mesthi diparingi ganjaran. Kang arane ganjaran iku kabeh merga teka ring tingkahe lan polahe dhewek-dhewek.
   Ganjaran arupa seneng atine mergane patheng megawe lan sukses usahane asile bisa dirasakaken sak keluwargane. Tapi kadhung ganjaran lara kang bisa ngerasakaken mung awake dhewek lan keluwagane mung bisane sareat nggolet tamba. Mulane wong urip iku nerima ganjaran lara iku dudu merga keneng sihir dudu merga kesambet ring kana-kana.   
    Kang arane penyakit mergane ana telung macem yaiku: Polah pikir, Polah mangan, Polah-polah utawa kakehan polah.
   Tapi kadhung ndeleng penyakit paran bain iku 90 persen mergane teka ring pikiran kang teka ring polah mangan ambi polah-polah mung sepuluh persen.
   Paran maning kadhung kakehan mikir iku kang angel tambane kaya lara setres lan sampik edan.Tapi nawi ana dulur-dulur kang setres, nyerepet, edan ayo padha-padha ndonga nyang Gusti Kang Maha Welas lan ambi golet cara nambani
   Carane, cara herbal, diombeni jamu cara adat Using Banyuwangi kang turun-temurun wis akeh jodhone. Wong edan diombeni jamu herbal legendaris sesepuh wong Using Kampung Dukuh Talunjeruk Desa Glagah Banyuwangi, kuwasane Pengeran, bisa mari sing ngentah-ngentah maning.
   Resepe, siji goleta pupuse jarak abang akehe telung godhong aju dicampur madune tawon ruwan kudu ambi talane akehe kira-kira limang sendhok mangan. Aju pupuse jarake lan madune iku diejus bareng tanpa tambahan campuran liyane. Madune aja sampik madu tukon mergane madu tukon durung karuwan aseline dadi kudu madu tawon ulihe ngundhuh dhewek.
   Kapan bahan loro diejus wis alus diombe arepe mapan turu. Aturane ngombe jamu herbal telung dina mung sepisan Insyaalloh ngombe ping lima kang setres utawa kang edan bisa mari sing kumat maning.


(Kang Usik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor