Ngerandhu Perbup Basa Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 21 Agustus 2026 07:20 WIB)
- Laporan



Banyuwangi mbutuhaken Peraturan Bupati (Perbup) bab Pengajaran Basa Using hang seperene mung ana Perda No. 5 taun 2007. Artine wis 19 taun Perda iku durung ana peraturan turunane.
   Perbup iku penting kanggone lemek hukum ngelaksanakaken pembelajaran basa Using ring sekolah-sekolah, jare Pak Erpandi, Kepala Seksi Peningkatan Mutu Pendidik dan Tenaga Kependidikan SD Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi, nang belambangan.com.
   "Iki mumpung arepe ngajokaken Perda
Penyelenggaraan Pendidikan Kab. Banyuwangi," tambah Pak Erpandi ring iwuh Bimbingan Teknis Basa Using hang dianakaken ring SMPN2 Banyuwangi.
    Pak Erpandi mbantah anggepan kadhung sing ana Perbupe, Basa Using hing ana anggarane. "Nyatane sampek seperene magih bisa Hun anggaraken kanggo bimtek lan Festival (Literasi Using). Perbup iku perlu kanggo payung hukum pembelajaran basa Using ring SD lan SMP."
   Pak Erpandi uga njaluk kabeh pihak hang terkait kaya Dewan Kesenian Blambangan lan badan liyane kaya  MGMP, KKG, MKKS bareng-bareng milu nyusun perbup iki. Mergane perdane wis ana.
   Bimtek Basa Using taun 2026 iki digelar rong dina tanggal 20 lan 21 Agustus, dipiloni 100 guru SD lan SMP teka kabeh kecamatan sak Banyuwangi.
   Materine hang diwulangaken dina Kemis sore yaiku Sastra digawa ring Juwono lan Istiklah, Pidhato ring Nani Asiany lan Wiwik Widiyati, Ngewer ring Akhmad Ali Murtono lan Sri Rahayuningsih, Gurit ring Yeti Chotimah lan Muh. Sufyan Syah.
   Dina Jemuwah materine hang  diwulangaken yaiku Ndongeng ring Tjahyono Rudi Rijanto lan Istipadah, Cerita Cendhek ring Heni Kurniawati lan Nidaul Hasanah, Nembang ring Mohammad Ikhwan lan Prastono Santoso lan Macaan Lontar ring Alif Maulana lan Duriatul Latifah
   Seliyane Pak Erpandi, iwuh iku uga ditekani Pak Dr. Alfian (Plt Kepala Dinas Pendidikan), Pak Karyono (Kepala Sekolah SMPN 2), lan Pak Prastono (Ketua KKG Basa Using SD).
    Pak Alfian hang mbukak acarane sore uga njaluk konten basa Using iki dilebokena nang medsos. Embuh iku akun-e sekolah utawa akun liyane.

(ditambahi laporane Nani Asiany)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor