Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 23 Agustus 2026 06:00 WIB)

Roncean Cerita: Titisan (4)


Garapane Kang Ujik

Udane edheng-edheng surut. Angine mangkat silir-silir. Mendhung kegiring. Sedhela, langite katon rijig ganti mega putih hang ndelemok-ndelemok. Sunare serngenge mangkat nyemelorot nampesi uwit-uwitan hang godhonge magih netesaken karine banyu udan. Ayang-ayangan sekabehane perujukan uwis dhoyong ngetan.
“Alak, wis lohor lare!” abane Wak Guru Madsam.
“Aju kepundi niki? Mandheg madosi Sanati?” takon Soleman panu.
“Kadhung mula magih ana umur, pesthi engko mulih dhewek. Taping kadhung cendhek umure, sing kathik nganteni keli kegawa belabur. Kadhung wayahe mati ya mati. Masiya enak turu ring peturonan,” jare Wak Guru Madsam. Santri-santrine sing kathik semaur maning, temungkul aju melaku urut ring mburine Wak Guru Madsam.
Ring langgar santri wadon, Nyai Wadiyah ngepasi ndonga ambi nangis-nangis. ”Yadhuh Gusti…Ndika empun nyemerapi, keponakankula niku dereng nate nemu seneng. Sakat cilik mula dhemen ngelik-elik. Naming Kula ngerumangsani kadhung Sanati niku pados welas pados asih, mula Kula nedhi teng Ndika, mugi Sanati angsal welas lan asih dugi Ndika !” abane dongane Nyai Wadiyah hang diamini ambi kabeh santrine. Ana suwara amin paling anter. Lan suwara iku uwis njangget ring kupinge uwong akeh. Kontan, Nyai Wadiyah lan santri-santrine carem nulih ring tekane suwara mau. Ya. Iku suwarane Sanati hang lungguh sendhen ring iringane lawang langgar wadon. Nyai Wadiyah sing kathik nutup dongane. Iyane njingkat aju mara lan meluk Sanati sak kuwat-kuwate. Santri-santri wadon milu meluk lan padha tangisan.
Wak Guru Madsam lan santri-santri lanang ngendhegaken jangkahe aju njangkah edheng-edheng marek ring latare langgar wadon.
“Assalaamualaikum!” abane Wak Guru Madsam kodhim. Hang ring jero langgar wadon padha nyemaure emeh barengan. “Kari padha tangisan iku ana paran?” takone Wak Guru madsam. Nyai Wadiyah lan santri-santrine nyemauri. Suwarane tumpuk-tumpukan. Sanati hang magih bingung ngadeg mbejegrek ring tengene Nyai Wadiyah.
“Lah…iku Sanati gok ning kono? Sakat mau?” takon Wak Guru madsam.
“Sing ana hang weruh, kadhung Sanati ana ring shap paling buri, nyelempit ring iringane lawang!” semaure Nyai Wadiyah.
“Gedigi bain wis. Engko mari sembayang jamaah Lohor, kumpul ring pendhapan pondhok!” jare Wak Guru Madsam. Kabeh padha semaur: ”Enggih, enggih!”
Kabeh santri lanang lan Wak Guru Madsam kodhim cepak-cepak arep sembayang Lohor. Nyai Wadiyah lan para santri wadone aju sembayang kobliyah, diterusaken sembayang jamaah Lohor.
Masiya jare buru digerojog udan lan belabur hang magih gedhi banyu butheke, nana pereng hang nggelongsor lemahe, merga akeh uwit-uwit gedhi hang oyode kuwat nyengkerem panggon perujukane. Akeh warga tani hang mudhun ring kedhokan sak perlu becik-becik uwangan bucu sawah. Ana uga para lancing hang isuk mau milu tulung-tulung nguras sumber panggonane adus para santri, nalika iku padha mandheg ambi nyawangi sumber hang ketutup banyu belabur.
Santri-santri lanang lan wadon pating terungsung mara nyang pendhapan pesantren. Santri lanang ana ring tengene Wak Guru Madsam lan Nyai Wadiyah. Santri wadon padha lungguh ring Kiwane.
“Nyai, Sanati celuken mengarep!” bisike Wak Guru Madsam ning rabine.
“Arep Rika kongkon paran?” takon Nyai Wadiyah.
“Nak kon cerita, mau iku kelendi ceritane, kancane padha bingung nggoleti, iyane aju mara-mara ana ring langgar!”
“Yeh…iya wis!. Ti, Sanati, maju kene lungguh ambi uwak!” jare Nyai Wadiyah ambi rada munyik.
“Enggih, Wak!” semaure Sanati ambi merangkang mengarep aju lungguh ring kiwane Nyai Wadiyah.
“Jare Wak lanang, mau iku kelendi ceritane, Sira gok mara-mara ana ring jero langgar?”
Sanati bingung. Kerana iyane sing ngerumangsani gok mau nggawe bingunge uwong akeh.
“Gedigi dulur…mau iku, mari kum-kum sedhela, Isun aju gancang-gancang nyang pawon umahe Uwak. Golet lengo keletik,” abane Sanati. Kanca-kancane wadon padha gemuyu saut-sautan. Santri-santri Lanang tulih-tulihan, magih durung paham.
“Dienggo mborehi hang kewedangen mau?” abane Sunariyah belothong ambi cekikikan.
“Ah… iyok, bener iku….!” Saut Sanati ambi ndudokaken jempolane ning kabeh kancane. Kontan kanca sak pendhapan kaya anter-anteran ngakak.
    Salah siji santri wadon ana hang ngagetaken melayu teka pendhapan nyang kamar cedhing. Wangune kepuyuh nulih Sanati hang belakasuta.
“Ya, Alhamdulillaah… sing sampek suwi ulihisun gosok-gosok, udane cicir. Isun aju meluntheng wih ning pelanca pawon. Masa ngerti kadhung kene mau belabure teka. Siapa urus…! Hang penting -anunisun- sing kewedangen maning,” jare Sanati nggawe kancane saya kepingkel-pingkel.
“Ya wis…Sanati, lungguha kumpul kancane maning kana! Weh…lare siji iki, kari nana tunggale,” abane Wak Guru Madsam kodhim ambi aju nerusaken ngomonge: “Sanati iki kudu diedusi banyu keluwung. Mula, engkisuk lare-lare lanang hang tanggung-tanggung, goleta sak cidhuk banyu caruk ring pitung panggonan. Wak Nyai sampek seperene magih nyimpen tapih kawung. Engkesok soren Sanati kudu dibelebeti tapih kawung, dilungguhaken ring bathuke bengahan aju digerojog banyu caruk. Maksude, makene Sanati iki sing pati ngelik-elik ati, sing nyiksa kancane lan mbisuke sing dadi gawene uwong akeh,” jare Wak Guru Madsam. Liyane padha meneng, Sanati malah cekakakan dhewek. Weruh kancane nana hang gemuyu, iyane mandheg ngakak ambi tulah-tulih kancane.
“hang nomer loro, emben ayo padha mapag tekane Kang Amet hang wis mari wisuda, kabare engkesuk bengi mulih teka umahe emboke Surabaya, Juwariyah,” jare Wak Guru Madsam. Santri wadon hang arane padha peringis-peringis. “Arane padha,” ucape edheng.
“Emben subuh perei ngaji subuh. Santri-santri wadon hang lawas-lawas, milu sak montor ambi Nyai, Hamid lan kanca-kancane hang padha lawase sepidhah udhudan ambi Isun nyang terminal Brawijaya Karangente,” jare Wak Guru Madsam ambi ngewarahi santri liyane tata-tata lan paes-paes pondhokan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor