Belanggur
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 14 Agustus 2026 06:14 WIB)
- Opini
Ring Banyuwangi jaman sampek kira-kira taun 1980-an, tandhane wong buka puwasa dudu nganteni berita ring radhiyo utawa adan teka masjid. Kanggone kabeh wong sak kutha lan sak ubengane hang dianteni ya belanggur.
Belanggur, yaiku 'bom' hang bengen disumet ring ngarepe Masjid Jamek Baiturrahman saben wayahe buka puwasa Ramadhan. Bom-e utawa belanggure engetisun sak kelapa mari disumbat, mari diilangi sepete, gedhene; ana bungkuse kertas soklat engetisun.
Isun magih rada enget merga tau ndeleng bengen, jaman magih SD, sepidhahan teka umah ring Tukangkayu Lebak. Sakat mari Asar uwong ngelumpuk ring lurung ngarepane masjid; wong adol panganan enggo buka sithika.
Nyumete belanggur ring 'jalur hijau' -- taman sedawane lurung ngarepe masjid, werane ana rong meteran, lemahe rada muthuk tengahe, ditanduri suket ambi ana kembang-kembange, mulane diarani jalur ijo. Bengen ana iku ring kono, misah lurung dadi rong lajur. Saiki posisine dadi pager wesi. Wetane pager tetep lurung, kulon pager dadi parkirane masjid.
Mbegh! Serta sepekere masjid tahriman, selawatan, sithika wong hang teka arep ndeleng. Rame! Ketang anane mung saben puwasaan thok. Eh...ana dhing seliyane tandha buka puwasa, belanggur uga disumet tepak mudhun sembayang Id.
Unine hang wanter jembelanggur iku dadi tontonane wong akeh, dianteni saben soren. Lebih teka pertandha wayahe buka, rupane weleke ring langit serta muni iku dadi titenane lare. 'Eh, rupane kaya wedhus!' Liya dina, 'Eh, kaya sapi!' Eh, bisa rupa paran bain sak mempere pikirane lare, utawa sapa bain hang nguwasi.
Teka kadohan, tergantung posisi umahe, weleke belanggur iku uga katon, serang dhuwure bangete meledhose. Teka umahisun ring Lebak katon masiya cilik. Katon weleke uleng-ulengan. Kadhung unine jelas kerungu sak kutha sampek nyang desa-desa.
"Glurrr..."
Gadug Boyolangu ya kerungu unine. Isun serta dadi wong Boyolangu ulih cerita. Jare, hang arep weruh weleke belanggur nyeja mbontrot panganan, niyat golet panggonan hang dhuwur, melaku teka umahe nyang puthukan. Nyeja buka ring kono! Salah sijine hang dituju yaiku puthuke Pe Thalib (lugot Boyolangu, pak dadi pe). Ngendi iku? Ya puthuk hang saiki dadi umahisun. Jeh...!
Selawatane emeh mari, coh! Teka masjid metu wong hang tukang 'ngebom', tukang nyumet belanggur, uwonge mesthi wong iku wis.
Potongane gedhi dhuwur, sing weruh arane. Melaku iyane ambi nyangking belanggur -- kabeh padha nulih -- digawa nyang 'jalur hijau'. Ring kono ana kolong wesi gedhi temancep ring lemah, katon njumbul sing sampek setengah meter, ya iku meriyem panggone nyumet. Gadug kono kolonge dirogoh sulung nawi ana paran-parane. Marek iku buru belanggur dilebokaken, kari sumbune katon nggelantung. Langsung disumet? Ya sulung nganteni enteke selawatan.
Padhane mercon, kadhangane belanggur ya ana hang micek. Disumet ana hang sing meledhos! Ya enten-entenan wong kono-kono hang arep buka. Uwis tah? Wis wayahe tah? Kok sing ana abane jembelegur? Nyatane kadhangane mula macet alias micek, magih enget iku isun. Engetisun maning, regane belanggur iku rong ewu limangatus. Hang nggarai weruh lan enget polae diumumaken saben jumatan. Sedurunge hotbah yara biyasah ana pengumuman-pengumuman teka takmir, kelebu ngumumaken wong hang sodakoh, hang nyumbang-nyumbang. Hang nyumbang 2.500,- dijelasaken 'berarti 1 belanggur'. Kanggo mbayangaken sepira gedhene 2.500 mau, taun 1970an, picis 100 rupiah padha ambi 15.758 picis saiki. Dadi 2.500 kira-kira 393.000an. Emeh 400ewuan sak belanggur.
Kok, kok...! Wayahe wis. Awas! Disumet nganggo coret wis sumbune! Tekepana kupinge! Tekepana nawi sing kuwat kupinge...!
Kok! Urube geni abang sedhilutan ngerambati sumbune! Melebu nang kolonge...
"Sssrrraaat...!"
Teka njerone kolong, peluru ngagetaken melesat mendhuwur! Uwong pating ndhangak nututi nulih nang langit.
"Ggluurrrr...!"
(Iskak Basuki)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.