Tamba Herbal: Tawon Endhas lan Pokak
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 15 Agustus 2026 05:23 WIB)
- Opini
Magih enget nang panganan suwarga hang diedhunaken Gusti Alloh ring Banyuwangi? Yaiku pelasan uling, ketan duren ambi sangar tawon endhas. Sang sapa wonge hing doyan telung panganan iki ilate kapir. Kadhung ilat kapir hing bisa melebu suwarga, gedigu jare Pak Erpandi Kasi Peningkatan Mutu dan Ptk SD.
Pelasan uling lan ketan duren magih kaitung anjrah merga saiki ana wong hang saben dina adol. Uling kadhung bengen mung ulih teka ndudul saiki wis ana wong hang bisa ngerawati anake uling sakat magih sak semat wernane bening, sampek bisa gedhene sak gagarane lading. Hang dodol ana ring Jelun lan ring Melik.
Ketan duren paran maning. Duren iki ya kelebu buah hang saben dina ana. Hing kathik usum-usuman kaya jaman bengen. Dadi kari ngumani picise bain kadhung arep.
Dene sangar tawon endhas hing saben dina ana. Merga ulihe nganteni ana thalane hang bisa dipanen.
Kalingana anake tawon endhas iki hing mung enak disangar taping bisa dienggo tamba.
Jare sesepuh Dukuh Talunjeruk, Glagah, Kang Usik, anake tawon iki keneng dienggo tamba hang bisa ngobati penyakit watuk, asma garing lan asma teles.
Carane yaiku anake tawon endhas hang wis metu sikile, wernane putih (gemana), dijuwut telu aju diontal urip-uripan.
Gemana iku diontal sedina ping telu lan kadhung ajeg dilakoni bisa nambani asmane lan bisa aron sakteruse.
Ana maning tanduran hang bisa dienggo jamu herbal. Tapokak utawa pokak, ana pisan hang ngarani terong ngor cilik, terong alas, terong gunung utawa terong landa.
Pokak dipercaya bisa dadi tamba wong lara struk, lambung, tekanan darah, lara boyok, sara turu lan geringgingen.
Carane gampang, terong pokak mung dikukus utawa diolah dadi jangan, aju dipangan.
Naming hang paling apik didadekaken sayur bening dicampur ambi godhong kelor.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.