Ajaibe Angka ring Kor'an
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 17 Agustus 2026 07:25 WIB)
- Opini
Minangka pituduh kanggo miloni dalan urip hang bener Gusti Pengeran ngedhunaken wahyune liwat Kanjeng Nabi Muhammad, sithik-sithik suwine 23 taun.
Wahyu iki dikelumpukaken dadi 114 surat, kadhung dibeliyaki maning dadi 6.236 ayat.
Ambekaneya mudhune dicicil, kadhung dititeni lan diitung jumbulaken angka hang kaitung ajaib. Angka iki dudu kanggo ramalan, mung sukur nggawe wong hang percaya saya yakin gok iki mula gawenane Hang Kuwasa, dudu gawenane menungsa. Hang utama tetep isine kanggo pituduh uripe menungsa mauka.
Kayata ucap Ad-Dunya hang artine Donya disebut ping 115 sedheng Al-Akhirah Aherat 115, nduduhaken keseimbangan. Gedigu pisan Al-Malaikah Molekat 88 musuhe Asy-Syayathin Setan uga disebut ping 88. Hang nduduhaken "keseimbangan" digi ana pisan Al-Hayah Urip disebut ping 145 dene Al-Maut Mati disebut uga ping 145. An-Nahar Raina lan Al-Lail bengi disebut padha ping 57.
Kanggo nyebut hang ana hubungane ambi wektu ya gedigu. Asy-Syahr Ulan disebut ping 12 kaya akehe ulan suwine setaun teka Muharram sampek Dzulhijjah utawa Januari sampek Desember. Sedheng dinane setaun ana 365, Al-Yaum Dina disebut ping 365.
Wong Islam diwajibaken sembayang sedina ping lima, ucap Shalah Sembayang disebut ping 5 uga ucap Awaqat Waktu Sembayang ping lima pisan.
Enget ceritane lalare lan asune hang turu ring guwa suwine 300 taun ring Surat Al Kahfi? Ambi Pengeran diduduhaken ring ayate suwine "telung atus taun lan ditambah sanga."
Apuwa ditulis gedigu, hing mung cukup 300 taun bain? Angka 300 taun iku nduduhaken itungane taun nganggo kalender Masehi sedheng tambah sangang taun kadhung diitung nganggo kalender Hijriah. Dadi masuk kabeh nganggo itungan taun Masehi utawa Hijriah.
Itungan hang kaya hing melebu akal 1.400 taun kepungkur yaiku itungan werane darat lan segara. Ucap "Al-Bahr" Segara disebut ping 32, dene Al-Barr" Darat disebut ping 13. Kadhung ditotal 32+13= 45. Dadi werane lautiku 32/45= 71.1%, dene Daratan 13/45 = 28.9%. Data ilmiyah nduduhaken gok bumi iki 71% banyu lan 29% darat.
Siji maning hang nduduhaken gok Pengeran iku Maha Nyepura. Ucap Al-'Uqub Siksa disebut ping 117 dene Al-Maghfirah Sepura disebut ping 234, siji dibandhing loro. Dadi aja kuwatir kadhung rika ngerasa duwe dosa, engeta bain njaluk sepura merga rahmate Pengeran iku lebih gedhi timbang siksane.
Paran maning hang rika weruhi ajaibe angka ring Kor'an?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.