Labuh Nyingkal
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 12 Agustus 2026 07:03 WIB)
- Laporan
Gendhinge Labuh Nyingkal iku carane wong Using jaman kuna ngawiti nggarap sawahe. Sesepuh wong Using Dukuh Talunjeruk, Glagah, Kang Usik, ngomong, saire gendhinge yaiku:
Ana satriya lelana
Gawene perang ring tengahe rawa
Sepuluh sikile iku
Bebatange padha tumpang tindhih
Kang kiwa tangane nyekel senjatane
Kang tengen tangane nyekel cemethine
Perajurite seneng gelungane padha supit urang
Artine:
• Ana satriya lelana: ana uwong lanang melaku-melaku. Utawa: ana salah sijine dina wong nyingkal ring kedhokan ring uwangane sawahe melakune ambi ringik-ringik gendhingan.
• Gawene perang ring tengahe rawa: Tandang megawene kaya dene wong perang ring tengah sawah
• Sepuluh sikile iku: sapi loro, sikile wolu ditambah sikile wong hang nyingkal dadi ana sepuluh
• Bebatange padha tumpang tindhih: taine singkale utawa gelimpange lemah kang disingkal tumpang-tumpangan utawa tumpang lan ditindihi
• Kang kiwa tangane nyekel senjatane: Tangane wong kang nyingkal kang kiwa nyekel buntute manthonge singkal kaya dene wong nyekel gaman. Lan tangane kang tengen nyekel cemeti iku pecute sapi.
• Prajurite seneng gelungane padha supit urang: Sepasang sapine dienggo megawe nyingkal iku ibarate perajurite utawa tentarane. Padha dhemen gelung supit urang: Sungune sapi loro karone kang dienggo megawe nyingkal mangklang- mangklang kaya dene supite urang.
Aju ubarampene labuh nyingkal adate wong Using disesuwekaken ambi pesan morale para sesepuhe.Tapi kang pasti ubarampene sakliyane panganan iku pasti ana:
• Geni dienggo ngobong menyan
• Ithuk wadhahe kinangan
• Kadhung panganane sega golong ring sebelahe kinangan ya ana sandingane sega golong. Kadhung labuh nyingkale kudu nganggo jenang abang bain ya kang disandhingaken ya mung jenang setakir.
Nyelameti pari iku nguri-uri tuntunane sesepuh-sesepuhe wong Banyuwangi kanggo ngelakoni urip beberayan seduluran selawase.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.