Rebo Pungkasan ring Banyu Caruk

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 13 Agustus 2026 06:23 WIB)
- Laporan



Adat adus-adusan ring dina Rebo pungkasane ulan Sapar,  kesuwur kelawan aran Rebo Wekasan utawa Rebo Pungkasan, dianakaken hing mung nong pesisir segara, ana pisan hang nong banyu.
   Keyakinan warga Suku Using ring Dukuh Talunjeruk, Glagah, hang wis turun-temurun saben Rebo Wekasan ulan Sapar yaiku adus lan njuwut banyu caruk hang sakral teka rong kali hang asale teka gunung hang beda, jare sesepuhe Talunjeruk Kang Usik.
   "Hulune banyu kang siji teka sikile gunung Ranti arane banyu Bungu. Kang siji hulune banyu teka gunung Merapi (Ungub-Ungub) arane banyu Pelampang. Caruke/Tempure ana ring Desa Banjar Licin," jare Kang Usik.
   Apuwa wong Banyuwangi kerep nggelar selametan tepak Rebo Wekasan? Miturut para kiyai nalikane malem Rebo Wekasan/Pungkasan ulan Sapar, Gusti Alloh ngedhunaken balak akehe 3333 balak. Mangkane akeh wong nggelar selametan kanggo golet selamet. Ana hang adus ring pesisir, nggelar Ider Bumi lan liyane. Hang umum kanggone masarakat pesisir, adus ring segara. Aju nggelar selametan ring pinggir pesisir hang dikawiti kelawan kirim-kirim donga kanggo keluwarga nelayan hang uwis nyulungi mati. Ambi hang aran Larung Sesaji yaiku sedhekah segara.
    Naming lakune wong Using Dukuh Talunjeruk beda. "Ceritane iku para anake raja-raja rebutan warisan tinggalan aju perang paten pinaten sakduluran. Pungkasane perang gaman. Gaman kang mari dienggo perang padha diasahi/dirijigi ring banyu caruk/tempur ambi uwonge adus pisan," jare kang Usik.
   Hang nggelar selametan lan adus-adusan ring segara kaya hang dilakoni wong-wong ring pesisir Bulusan, kidule Ketapang lan bengen ring Cacalan, Sukowidi. Niyate dienggo ngadohaken belahi hang dipercaya diedhunaken ring dina iku.
   Seliyane adus ring banyu caruk, wong Dukuh Talunjeruk, Glagah, magih ajeg ngelakoni ider bumi, nggawa oncor lan sembur-sembur uyah ring baleman ring saben umahe warga. Serta wis mari ider bumi keliling kampung aju selametan, wujude yaiku Barikan, hang ubarampene sega tumpeng serakat, sega tumpeng pecel iwake pethetheng pitik, sega golong pitung kaput, jenang abang surune kudu godhonge gedhang raja akehe limang piring. Lan sisane uyah kang mari dienggo disembur-semburaken keliling Kampung diedumaken nyang warga sak kampung.
    

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Poto: Kang Usik ring banyu caruk ring Banjar, Licin

Editor: Hani Z. Noor