Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 10 Agustus 2025 06:41 WIB)
(Roncean Cerita) Untu Emas, bagiyan 1
(Reroncean Cerita)
Untu Emas, bagiyan 1
Dianggit ring Kang Ujik
Kang Maun kuli bangunan hang selawase iki milu CV. Seger Makmur duwene Man H.Baweh hang magih mambu berayane dhewek. Wis taunan. Sakat lancing sampek duwe anak telu. Anak kawitan arane Selamet Gampang Rejeki. Hang nomer loro Saperik Sabar Nerima lan hang kemunjilan arane Jahulah Paran Jare. Saudah, rabine Kang Maun nalika iku magih nyusoni Saperik, sing weruha kesundhulan meteng maning. Karepe keluwargane aja endhak meteng maning. Anake magih cilik-cilik. Naming Saudah paserah paran jare hang ngecet lobok. Mulane serta anake lair diarane Jahulah Paran Jare.
Kawitan ulan Rejep, Kang Maun milu proyek bangunan gedung KORPRI Banyuwangi. Sedurunge juger-juger lemah kanggo pondasi, para tukang lan kuli kudu ndhodhol kijing kuburan Landa ring elore Kantor Camat Banyuwangi. Sing mung ndhodhol kijinge, naming uga kudu ngelih belung-belung lan kelunthunge.
“Nana kuburane nonik-nonik tah lare?” abane Awarik cindhil muyab. Kancane padha cekakakan.
“Kadhung ana arep pena kapakaken, Rik?” takon Soep kethip.
“Arep digagahi nawi,” saut Saud kodor.
“Kari nggeragas seru pena kau!” abane Nalim.
“Ketang, rongdina sepisan ngontal cindhile tikus pena kau!” poyoke Sujak dhimpil.
“Mulane nguwus!”saute Aripin ilur. Kancane padha cekakakan. Kang Maun nggethu. Uwonge mula sing pati dhemen poyokan. Naming kadhung gelem ngomong, nggarai kancane kepingkel-pingkel. Sampek ana hang kepintut-pintut, malah sampek ana hang kepiyuh ning kathoke. Kala iku Kang Maun micek.
“Eh, kanca siji iku kesambet tah endane? Nana suwarane yah,” poyoke Awarik cindhil.
“Lara untu larek!” saut Sujak dhimpil.
“Mabengi sing diweni jatah nawi ambi Mbok Saudah!” abane Nalim. Kang Maun katon cekruk boyog ambi nyawang kancan-kancane. Meringis sedhela aju lungguh ngelempuh.
Angin ngeraina iku silir-silir rada panas. Pantes bain. Wis telung ulan iki, udan nana cicir. Kadhung ana angin rada gedhi, lebune semembur. Gentheng-gentheng padha nyoklat, godhong uwit-witan padha kerinting. Kang Maun ngokob wedang putih aju nggelintir bako. Matane kethip-kethip ngerasakaken udude. Kanca-kancane terus tandang ambi poyokan. Sing kerasa adan bedhug muni teka corong langgar pondhokan KH. Wahid Kertosari. Lamat-lamat. Para kuli padha ngaso ambi madhang bontotane dhewek-dhewek. Mari madhang ana hang aju sembayang lemek papah gedhang ring ngisore uwit poh. Ana hang ngorok sulung ring emperane pendhapa kecamatan Banyuwangi. Kang Maun mari sembayang nerusaken juger-juger kuburan. Nalika uwis jeru ulihe juger-juger, kelunthung isine kuburan hang dijugeri iku wis katon bathuke. Edheng-edheng Kang Maun njugeri nganggo lothek. Serta gadug untune kelunthung iku mau, ana untu emase magih wutuh. Kang Maun kemesud lan perdang-perding. Weruh kancane padha turu, Kang Maun gancang-gancang mbuntil kelunthung iku mau aju disengidakaken ring ngisore uwit poh lan diserungkubi kelaras uwit gedhang hang sore uwis padha ditegori. Belung-belung liyane diwadhahi kain putih suwekane, aju digawa ngetanaken sampek metu teka garis wates proyek, juger-juger lemah aju mendhem belung-belung.
Mari mendhem, Kang Maun nggelintir bako maning, lungguh sendhen ring kayu uwit randhu. Sedhat-sedhot memengan ulek. Pikirane merana-merana. Iyane mbatin, cager dhemene Saudah nerima picis akeh ulihisun adol emas. Utawa, ulihe adol emas iku aju ditukokaken ali-ali, gelang, kalung lan kadhung gelem Saudah dipasangi untu emas. Sing kerasa, angin silir-silir nyebabaken Kang Maun keturon. Angen-angene kegawa impi: Kang Maun nggonceng Saudah, rabine hang dandanane kaya artis kecamatan. Ring gulune kaya kebulet rante kalung emas, deriji manise dienggoni ali-ali, gelang keroncongan teka ugel-ugelane delamakan tangan sampek nggadug sikut. Anake hang gedhiyan nggonceng adhik-adhike. Sak keluwarga ngelencer mubeng-mubeng kutha Banyuwangi, mangan bareng ning warung sega tempong Bik Iyuk Tukang kayu elor, ambi kebengoren sepidhah udhude ditunggangi maning sampek nggadug ring Boom. Anak-anake adus-adusan ring pinggirane segara ambi memengan pasir pesisir. Saudah nyawang Kang Maun ambi mesam-mesem. Tangane tuntun-tuntunan, lali ning anake hang adus-adusan, Kang Maun lan Saudah uber-uberan kaya mulih lare maning. Saudah kecandhak, digulet aju tangane ditarik, dieret sampek gadug ring ngisore uwit widara. Kang Maun pamit nguyuh sedhela ring mburine uwit cemara urang. Sak uwen-uwen ulihe ngogrok aju gigil-gigil lan ngelilir. Eh sing weruha Kang Maun ngompol. Kuwatir weruh kancan-kancane, iyane mberejag aju melayu ngidul nyang kalen Talun. Celanane dikumbah, diperes sak kuwat-kuwate aju dienggo maning melaku ngalor ning panggonane megawe.
Kancane durung ana ngelilir, Kang Maun uwis nyulungi mangkat maning ndhodhol-dhodhol kijing kuburan Landa. Kerana anter abane uwong dhodhol-dhodhol, kancan-kancane padha tangi lan gancang mangkat megiyet maning. Uwong-wong iku takal-takalan ulihe dhodhol-dhodhol. Merga kijinge uwis umur atusan taun. Kemis iku, penggawean ndhodhol kijing lan ngelih belung-belunge isine kuburan kudu uwis mari. Merga jatah wektune uwis seminggu jampleng. Ngepasi kurok Asar, kijing kuburan Landa kari siji. Para kuli iku bareng-bareng ndhodholi saingga sing sampek suwi, kuburan iku rijig. Belung-belung hang magih ana gancang dielih ring panggonan hang uwis dicepakaken. Ambi nganteni laut, uwong-wong padha rijig-rijig dhodholan nganggo sekrok aju dioncalaken ning bak pikepe CV. Seger Makmur. Sekira jam setengah papat para kuli padha laut. Mari ringkes-ringkes barang, aju padha gancang nggenjot sepidhah onthele nyang kampunge dhewek-dhewek. Kang Maun uga nggenjot sepidhah onthele. Naming gadug engkidule Kantor Camat Banyuwangi, nyelindhut apus-apus biluk ngetan. Gadug dalan cilik ring wetane warung aju biluk ngiwa sampek gadug ning ngisore uwit poh panggonane nyengidakaken kelunthung untu emas mau. Kelunthung hang wis dibuntil kain putih dibuntili maning nganggo sarunge lan dipuket ring goncengane sepidhah. Mari magerib buru gadug umahe ring kampung Bades.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)