Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 07 September 2025 07:13 WIB)
(Roncean Cerita) Untu Emas, bagiyan 5
(Roncean Cerita) Untu Emas, Bagiyan 5
Ditulis ring Kang Ujik
Sing kerasa, lambene mbuntuti gendhing-gending Kembang Peciring: "Kembang Peciring ganda arum nggawa iling, abang-abang lambe, janji omong wong lencir kuning, kerucuk kelapa gadhing, isuk nyandhing bengi nyandhing, kaya banyu diirisa balik maning…” suwarane Gandrung Sunasih. Kang Maun mbuntuti luput-luput. Emeh dadi gendhing anyar. Ulih sak ududan, Kang Maun mancal sepedhahe maning ngaloraken. Gadug sasak Kali Bagong iyane ngangsur maning. Sepedhah disendhekaken ring pinggirane sasak, iyane mudhun lan mendhek ring pinggirane kalen. Sedhela, iyane wis nyandhak sepedhahe maning lan ngonthel ngaloraken sampek gadug engkidule masjid jamek biluk ngiwa. Sedawanew dalan ring pinggir-pinggirane magih ana uwit asem lan kenari. Dalan ngulon saya munggah. Ngeliwati umahe uwong paresan dalane saya munggah. Pungkasane Kang Maun nuntun sepedhahe sampek gadug elore lapangan Penataban. Kang Holik buru metu teka lawang pager umahe hang ana ring elore dalan.
“Wuueh…Maun…Magih urip pena?” sapa Kang Holik ambi melung-melung anter. Emane sing pati akeh uwong. Kang Maun hang disapa meringas-meringis. Untu marmute saya katon. Serta uwis parek iyane nyemauri :”Halah jerangkong pena ikai…!” Uwong loro iku cekakakan bareng.
“Ayo sepedhahe cagangen ring jero latar kene!” jare Kang Holik. Sing kathik semaur, Kang Maun aju njagang sepedhahe ring jero kandhang. Kang Holik melebu sulung ring njero umahe, Kang Maun nututi ambi mondhong jabil isi kelunthung. Wangune Kang Holik aju terus nggodhog wedang, jabil hang dipondhong dideleh ring Kiwane kerosi Kasur hang dilungguhi Kang Maun. Njumbul-njumbul Knag Holik nggawa rong lumur kopi cemeng.
“Kadhung kurang gula tambahana dhewek, yah!” jare Kang Holik.
“Cukup wis. Maning uwonge ya wis manis!”
“Manis, kemanisen keneng kencing manis engko tah!” semaur Kang Holik. Kang Maun gemuyu ketheng. Uwong loro iku sakat magih sekolah mula dhemen muyab. Mari cerita lakon uripe dhewek-dhewek selawase sing serawung, Kang Maun nakokaken dhemenane Kang Holik bengen hang saiki uwis dadi rabine.
“Saonah hang bengen diceluki Saonthil, sakat sore melabot ring umahe adhike Boyolangu, duwe gawe nyunati. Isun buru mabengi mulih. Iku belangsih isi paran Mun?”
“Yeh…Iki…Yaiki hang arep sun gesahaken. Tulung isun eterena adol iki,” jare Kang Maun ambi ndeleh jabil ring meja.
“Isine paran iku, Un?”
Kang Maun sing kathik nyemauri. Puketan jabil dibujar. Serta jabile dipelungsung, weruh kelunthung Kang Holik mencolot teka kerosi sampek pucet raine.
“Eh, Maun iki. Iku kelunthunge sapa,Un?” jare Kang Holik ambi mendelik mudhun teka tangane kerosi aju balik maning ring panggonane lungguh mau.
“Embuh tentara Landa ya embuh anthek-antheke isun sing ngerti. Hang jelas kelunthung iki ulih ring kuburan Landa elore Kantor Camat Banyuwangi,” semaur Kang Maun ambi muket belangsih maning.
“Kadhung adol, emase ya kudu dithethel sulung, Un!”
“Sing makan. Dipethil uwis, sun penancal ya uwis”.
“Wadhuh, kelendi ulihe kadhung adol engko iku?”
“Engko iku rika eterena isun bain. Aja mudhun teka sepedhah udhude. Makene isun hang melebu ring toko emas”.
“Keneng-kenenga mesin sepedhah udhud sing sun pateni sulung, Un!”
“Apuwa tah?”
“Nawi ana paran-paran rika kari mencolot ring goncengan, sepedhah udhud sun sput weh!”
“Ye… gedigu?”
“Iyok…Naming kadhung nana masalah, aja lali nguweni bagian ning isun, Un!”
“Kari Jajang kemambang ring segara a yoh,” abane Kang Maun ambi nyangking jabil isi kelunthung.
“Sepedhah onthel rika delehen ring jero kene bain wis. Isun nak ngetokaken sepedhah udhud teka umah kulon!” jare Kang Holik ambi metu teka umahe lan gancang-gancang ngetokaken sepedhah udud. Mari dipanasi sedhela, uwong loro iku goncengan ngetanaken. Njujug ring wetane toko emas Phoo Shi Ong duwene Koh A Leng. Emane isuk iku, singana makelaran emas hang nggerombol-nggerombol ring ngarepe toko ema siku. Kang Maun melaku ambi mondhong belangsih melebu ring Phoo Shi Ong. Kawit-kawitane gesah antarane Kang Maun ambi hang jaga toko iku pantese bain ambi padu rega. Pelayan-pelayan wadone milu marek ring penjaga Phoo Shi Ong. Serta rada suwi ulihe gesah, Kang Maun katon edheng-edheng mbujari taline belangsih. Serta katon kelunthung, penjagane kepelayon menjero kamar toko, pelayan-pelayan wadone njerit sedhela aju semaput, gelethakan ring pelesterane toko. Kang Maun gancang-gancang ngewadhahi kelunthunge maning. Sing kathik dipuket, jabil langsung dipondhong metu teka toko lan Kang Maun melaku biasa, kaya nana kedadeyan paran-paran. Serta gadug sepedhah udhude Kang Holik, Kang Maun mencolot ring goncengan ambi ngebregi Kang Holik supaya gancang ngelakokaken sepedhah udhude. Tankocapa pelayune sepedhah udhud ngetanaken njujug ring Boom. Sepi. Serngenge rada kemelethak merga magih jam sepuluhan gedigu. Nana seliwere uwong. Kang Holik lan Kang Maun mandheg ring ngisore uwit kelengkeng hang umure kira-kira wis nggadug telungatus taunan gedigu. Sepedhah dijagang loro, Kang Holik ambi cekakakan lan Kang Maun raine pucet, padha nggelethak ring suket-suketan. Sing kathik gesah.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)