Garapane Lirix Al Harir

Rombongan calon penganten lanang wis gadug ring umahe Yuni, undangan tangga teparo wis padha teka, pak pengulu lan pak mudin uga wis siyap. Yuni, calon penganten wadon, dandan kari berahi, Iyane gemunyik nalika nyawang Yani wis teka katon ring ngarepe mata, atine bungah kaya-kaya kemeleyang ring awang-awang, bakal disandhing wong lanang hang dikudang-kudang, taping Iyane kala-kala meringis ngerasakaken wetenge lara nggawe atine nggelingsang. Sakat isuk mau Iyane mula sambat lara weteng ring emake. Penyakit lara weteng iku wis dirasakaken sakat Iyane magih umah-umah ambi lakine hang sulung, uga dirasakaken nalika megawe ring Taiwan, bisa bain saiki kumat maning. 

“Alhamdulillah Rika gadug merene Kang, sing ngarti tah Rika, gok ati iki nggelingsang, ana rasa mamang kadhung Rika ring kene durung Sun sawang”. Yuni nyapa Yani hang buru teka aju lungguh ring sandhinge.

   “Alhamdulillah Dhik, Isun ya ngucap sukur, sampek saiki sing ana udur. Semono uga Dhik, ati iki wis sing keneng disemayani maning, ngelawang banyu hang keliwat sangking, kepingin gancang bisa nyandhing," Yani nyauri Yuni. 

   Pak pengulu hang ngerungakaken lare loro aju dhehem,” Hem”,

   Pak penghulu nggudha lare loro,”Wurung tah iki akad nikahe, kok ngomong dhewek.”

   Lare loro munyik bareng, “Ya paca Pak, kadhung wurung engko yara kedhuhung?”, jawabe Yuni. 

   Pak penghulu mesem rungu jawabe Yuni. Man Sanusi bapake Yuni hang sakat mau siyap dadi wali nikah, uga milu mesem nyawang tingkahe anake. Sing ketinggalan emake Yuni hang mangku Santi uga milu gemuyu, nyawang anake hang lugu. Wong-wong hang teka padha mesam-mesem, atine ayem nyawang lare loro hang kesemsem.

   “Sahrene wis siyap kabeh, ayo akad nikahe diangkati. Pak Sanusi, merga Rika bapak kandhunge, Rika hang wajib nikahaken anakrika. Wis gancang nikahena!” Pak pengulu ngongkon Man Sanusi. 

   Man Sanusi hang mula wis siyap, aju ngelungaken tangane ring Yani. Yani uga ngelungaken tangane, dadi saiki wong loro iku padha salaman. 

   Ambi nyekel tangane Yani, Man Sanusi mangkat nikahaken anake, “He Ahmad Yani, Sun nikahaken Sira, lan Sun kawinaken Sira ambi anak wadonisun hang aran Wahyuni kelawan mas kawin sakperangkat alat sembayang lan picis limangatus ewu rupiah dibayar kontan.” 

   Sakkal bain Yani njawab, “Kula terima nikahe lan kawine Wahyuni binti Sanusi kelawan mas kawin sakperangkat alat sembayang lan picis limangatus ewu rupiah dibayar kontan.”

   Sing ana hang ngongkon, kabeh uwong hang teka bareng melung “Sah!"

   Mari ngucap “Alhamdulillah”, pak mudin aju ndonga hang diamini kabeh uwong hang ana ring kana.

   Pak pengulu nyerahaken surat-surat hang kudu ditandatangani ambi penganten, wali lan saksi. Mari nandatangani surat-surat, aju mas kawin hang rupa picis limangatus ewu rupiah lan sakperangkat alat sembayang hang dironce ring jero pelankan, iras diiringi maca solawat nabi, mas kawin diserahaken ring Yuni. Yuni lan Yani adhep-adhepan. Yani nyekel mas kawine aju diserahaken ring Yuni  kelawan maca bismillah. Yuni nerima maskawin iku kelawan ngucap Alhamdulillah. Yani ngambung bathuke Yuni, taping paran...

   Yuni njerit ngucap “Alloh” ambi nyekeli wetenge, mas kawin hang dicekel temebluk meh keneng sikile. Abete penyakit hang disambataken mau kumat maning, hang saiki nggawe Yuni kepileng serang sing kuwat ngerasakaken larane. Untung bain adhik wadon hang ana ring mburine bisa nahan emboke saingga sing sampek temebluk ring karpet. Edheng-edheng awake Yuni diturokaken ring karpet, awake lemes sing ubah, matane merem, cangkeme mingkem, kahanan dadi dherem. 

   Santi hang wis umur pitung taun iku, nangis berak-berak ambi meluk emake, “Ibuke.. Ibuke...Ibuke... Tangi Ibuke, tangi Ibuke, tangi Ibuke.”

   Bik Rohani geruh-geruh, weruh anake rubuh, ambi lungguh awake merguyuh, matane deredesan eluh. Jerit tangisan berayane Yuni lan tamu hang hadir wis sing bisa dibendhung. Yani hang weruh rabine semujung, ngadeg mbejejeg kaya wong linglung, atine kuyung kelayung-layung, pikirane mbelingsung, kedhuhung dadi mendhung hang kemendhung. 

 

(Ana terusane)