Ruang Isolasi Ring Balai Desa Mabang
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 23 April 2020 07:08 WIB)
- Laporan
Desa Lemahbangdewo nyepakaken ruang isolasi kanggo warga Orang Dalam Pengawasan (ODP) lan Pasien Dalam Pengawasan (PDP) Covid-19. Ruang isolasi iki awujud kamar hang wis dicepakaken nganggo kasur lan cedhing hang nganggo SOP teka Dinas Kesehatan Kabupaten Banyuwangi. Kabeh iku reka daya hang dilakoni pemerintah desa kanggo ngadhepi masa tanggap darurat virus Covid-19 Corona ana ring desa.
Sekertaris Desa Lemahbangdewo Nurcholik hang ana ring Posko Penanggulangan Covid-19 Desa Lemahbangdewo nerangaken, warga masyarakat hang kelebu ODP kudu didata lan dilaporaken nyang petugas kesehatan hang ana ring desa lan kecamatan, sakteruse diisolasi hang lawase 14 dina.
Warga desa hang buru bain teka menyang teka njabane kabupaten Banyuwangi kudu lapor nyang RT utawa RW kadhung perlu nyang Puskesmas hang ana ring kecamatan kanggo meriksakaken awake. Sakteruse ana tindhakan hang arupa isolasi mandiri ring umahe dhewek yaiku warga hang buru teka wilayah liya iku sing ulih kumpul-kumpul warga liya lan sing ulih metu-metu sulung teka ruang isolasi mandirine mauka. Kadhung sing bisa nganakaken ruangan isolasi mandiri, Pemerintah Desa duwe ruangan hang bisa dienggo nginep saklawase 14 dina.
Ruang isolasi hang dicepakaken Pemerintah Desa lemahbangdewo iki kanggo ngelayani warga masyarakat desa Lemahbangdewo hang sing duwe lan sing mampu nggawe panggonan isolasi dhewek. Pemerintah Desa Lemahbangdewo nyediakaken ruang isolasi iki kelawan manpaataken ruangan ring kantor desa. Panggonan iki manggon ana ring ruangan kantor Desa Lemahbangdewo parek ambi Posko Penanggulangan Covid-19 Desa Lemahbangdewo.
Ruang isolasi hang sederhana iki bisa nampung wong enem. hang wis dilengkapi ambi sakkabehe keperluwan kasur ngisor lima lan kasur pelanca siji. Uga pnggonan adus lan ngumbah, sing lali sanitizer lan sabun antiseptik. Hang uga penting banyu mili hang rijik. Sing lali uga kakus lan panggonan ngepos hang pantes lan lega.
Saklawase ana ring ruang isolasi masyarakat ODP lan PDP mau bisa dibantu ambi relawan desa hang unsure teka Kepala Desa, Ketua BPD, Perangkat Desa lan Anggota BPD, sing lali uga Bidan Desa, Kader Kesehatan Pokja, Karang Taruna, PKK, Babinsa lan Babinkamtibmas.
Muga bain iku kabeh ihtiar hang wajib dilakoni pemerintah desa kanggo nyegah penyebaran lan nanggulangi pageblug Corona iki. Mari gedigu pasrah nyang Pengeran. Iki ibarate perang taping musuhe hing katon mata. Kang bisa dilakoni mung milu paran jare pemerintah Kecamatan, Kabupaten lan Pemerintah Pusat. Sing ulih kumpul-kumpul sulung, nggerombol-nggerombol sulung, lan hing metu adoh-adoh kadhung hing patiya penting. Nganggo masker ya uga kadhung arep metu-metu gediku sakteruse Sekertaris Desa Lemahbangdewo nerusaken keterangane.
Muga-muga Banyuwangi diparingi aman lan didohaken teka penyakit Novel Corona Virus. Amin...
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Desa Mabang
Editor: Antariksawan Jusuf







