Sang Juwara Lomba Video Kreatif Desa Pondoknongko

Andi Sep Kurniawan (dipublikasikan pada Kamis, 03 September 2020 06:44 WIB)
- Laporan



Desa Pondoknongko wis nyulungi anggone nyiyapaken Lomba pideo kreatip sak Kabupaten kelawan ngangkati sulung lombane tingkat desa. Hing mung nganakaken lomba, naming uga nyangoni lalare enom ilmune, yaiku workshop pelatihan, ngelumpukaken karya, ngelebokaken video ring youtube, penilaian juri sampek pengumuman juwara hang dianakaken tanggal 31 Agustus sore.

Ring mangsa pageblug iki, tepak pengumuman lare-lare peserta hang teka wis nganggo topong (masker) lan njaga jarak. Sedurunge diumumaken sapa hang dadi juwarane, video-videone padha diputer maning dideleng jak akehan. 

Syaiful Rohman, thulik Pondoknongko hang saiki dadi kakandatel Telkom Banyuwangi, ngakoni kadhung iyane dadi juri sampek bingung lan mongkog weruh asile lalare. "Sabene wayah pelatihan kaya-kayane kudu dibimbing lebih akeh, taping Isun digawe kaget teka jumlahe peserta hang wis ngelumpukaken video. Tambah kaget weruh asile lalare, sampek bingung milih hang apik teka hang apik merga bijine kacek sithik-sithik."

Hamdan Ramahurmuzi, Kepala Desa Pondoknongko, nyampekaken mongkoge atine nyang lalare. "Lomba iki hang kawitan, wis bisa ngasilaken karya hang apik. Kalah lan menang iku wis biyasah, hang kalah tetepa ngadeg aja minder lan hang menang tetepa sukur. Wis wayahe lalare enom mbuktekaken lan nggawa desane maju, lomba hing mandheg semene bain, naming dienggo kesuk lan mbisuke. Sangu kemampuan lan kreatifitas wis njumbul, kudu dikembangaken lan Pemerintah Desa Pondoknongko siap ngewadhahi."

Ana 16 pideo hang diputer lan dibiji juri dienggo nemtoaken sapa hang paling apik teka hang apik. Kabeh 16 pideo mau ana hang teka perwakilan kelompok lan individu. Akehe larene hang milu setemene ana 37 lare, aseli lalare Pondoknongko merga wayah ndaptar nyerahaken bukti pendhukung kaya KTP utawa kartu keluarga (KK).  Masiya hang kawitan, akeh hang guyub lan akeh hang milu. Fatim, salah sijine peserta teka individu ring lomba video kreatif iki, "Acarane luar biyasah, keren. Akeh ilmu lan wawasan anyar. Isun ngucapaken terima hang gedhi kanggo panitia lan pemerintah desa hang wis nguweni kesempatan awak kabeh dienggo ngembangaken potensi lan bakat hang magih sengidan. Manpaat temenan lan muga sing mandheg mung semene. Pondoknongko bisa, Pondoknongko luar biyasah."

Sakliyane Fatim, Achmad Fahim Royyandi utawa biyasah diceluk Fahim, iyane ngucap sukur ana kegiyatan hang kaya gedigi. "Terima hang paling gedhi wis ana kegiyatan hang kaya gedigi, mugi taun ngarep ana maning. Lomba iki bener-bener akeh saingane, tapi teka saingan mauka bisa ngewani motivasi dienggo ningkataken keahlian lebih apik maning. Awak dhewek kabeh InshaAllah ulih pengalaman lan ilmu hang manpaat."

Persaingane mula kuwat, asile lalare padha apik kabeh aju sampek nggawe juri bingung nemtoaken sapa hang layak menang. Ring pungkase acara iku diumumaken sapa hang karyane dadi video pavorit, juwara 3, juwara 2 lan juwara 1.

Juwara pavorit judhule, Menumbuhkan santri yang kreatif, inovatif dan berimtaq (Mohamad Maulana Rizki, Nurul Hidayat, Achmad Lana Maulana Pringgo Kusumo), juwara 3 judhule Dirgahayu Indonesia Ke-75 (Aden Mohammad Solla Alaik, Arwan Mashuri, Ahmad Fahim Royyandi), juwara 2 judule Sebait Rindu Tentang Kampung Halaman (Nur Imamah), juwara 1 judhule Asete Pondoknongko (Agisna Sulha, Hizkil Achmad Dayan).

"Milu girang bisa milu andil ring lomba video kreatif. Lomba iki nurut tasemakisun bisa nguripaken lan ngembangaken kreatifitase lare enom. Penjalukanisun, mugi ilmunisun hang wis Sun ulihi bisa dadi manfaat lan butuh bimbingane juri makene lebih apik maning. Mugi taun ngarep akeh lare enom hang milu andil ring perlombaane." Jare Agisna lare wadon umur 18 taun, lare hang ulih kesempatan menang juwara siji taun iki ambi adhike hang aran Hizkil.

Bengi iku kabeh padha sumringah, nganteni pirang-pirangane minggu ahire pengumuman hang diarep-arep wis mari. Lalare kabeh padha ulih sertipikat lan muga bain ilmune bisa dadi manfaat lan bisa dienggo pengalaman mengarep.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor