Sanggar Seni Sekar Tanjung Semalang Ngedum Takjil

Moch Anil Syidqi (dipublikasikan pada Kamis, 04 April 2024 08:06 WIB)
- Laporan



Ulan puwasa wis melaku 20 dina, tepak laporan iki ditulis. Sing kepingin kelangan wayah Ulan Suci lan Kebek Berkah taun iki, Sanggar Seni Sekar Tanjung nggawe kegiyatan Ngedum Takjil Gratis ring dina Minggu (31/3/2024).

Kanggo mujudaken acara Soren Berkah iki, saben murid ditariki limangewu rupiah. Picis iku engko karepe ditukokaken bahan-bahan hang calone dadi takjil hang diedumaken geratis lan panganan kanggo buka puwasa bebarengan.

Sing mung ditariki urunan thok, lalare ya dipilokaken sakat proses olah-olah pisan.

“Lare-lare diejak nggawe es bareng, mariku diedumaken nang dalan Wonorekso hang arep melebu nyang Dusun Krajan utawa Semalang,” abane Bayu Sugiyanto aliyas Pito, salah sijine panitiya kegiyatan iki.

Sakwise olah-olah, lalare kang kabeh kompak nganggo kelambi werna cemeng, ngelumpuk ring Rumah Budaya Kebo-Keboan (RBK) kira-kira jam 4 soren. Teka RBK, lalare, para pelatih lan wakile pengurus sanggar (Lana, Kiki, Pito) ndharat melaku bareng utawa arak-arakan nyang panggonan Ngedum Takjil Gratis. Kegiyatan iki laute kira-kira ngarepaken buka, jam 5 soren.

Mari ngedum-dumaken takjil, mariku kabeh sakkal menyang umahe Pito kanggo buka puwasa bebarengan. Ulihe urunan limangewuan, ditambah-tambahi ambi para pelatih lan pengurus, aju cukup dienggo olah bakso.

Suwine nganteni unine thet minangka tandha buka puwasa teka Masjid Baitul Muttaqien Syech Maulana Ishaq Semalang, lalare disetelaken pidiyo YouTube Ujian Kompetensi Tari (UKT) Sanggar Seni Sekar Tanjung hang buru bain digelar ring dina Sabtu bengi, tanggal 24 Februari kepungkur (wacanen Ujian Tari Sanggar Seni Sekar Tanjung Semalang hang Kawitan).

Jare Pito, acara gedigi iki (sedhekah) penting dilakoni kanggo nguweni pitutur lan piwulang nyang lalare sanggar. Dadi, Ulan Ramadhan iki didadekaken momen kanggo ngajari lalare sanggar sedhekah nyang sepadhane, merujukaken welas-asih, lan kanggo golet pahala ring Ulan Sewu Berkah iki.

Liyane iku, karepe wong-wong sanggar, sapa-sapaa hang liwat lan nulih dhompol-dhompolan rombongan Sekar Tanjung makene weruh ambi Sanggar Seni hang ana ning Dusun Krajan, Desa Alasmalang iki teka sepandhuk hang digawa kelawan tulisan: Sekar Tanjung Berbagi Takjil.

Kadhung ana hang ngomong, “puwasa nggarai awak lemes,” kayane sing sepiraa payu kanggo lalare Sanggar Sekar Tanjung. Marine kelendi? Masiya puwasa, lalare magih jaya ubed nggawe takjil, aju melaku arak-arakan teka RBK nyang Wonorekso (kira-kira adohe 200 meter) lan ngedumaken penganan.

Latihan njuged ring sanggar uga tetep dilakoni rutin saben Sabtu soren, mulai jam setengah 4 sampek jam 5, mesisan ngerandhu buka. Aju merga puwasa engko lalare lendhu lan aras-arasen latihan? Using. Semangate lalare tepak latihan, antarane ulan puwasa lan dina-dina biyasahe, sing ana bedane, padha semangate.

Sakwise nggawe rong acara ring wektu hang meped (UKT lan Ngedum Takjil), rencana mengarepe, latihan njuged, hang kawitane manggon ning sanggar, arep dielih nyang Pendhapa Kantor Desa Alasmalang. Dhasare mung kepingin nyacak suwasana anyar, makene lalare saya semangat latihan, nyinaoni budaya hang diwarisaken mbah-mbahe. Pendongane bain!

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : wawancara

Editor: Hani Z. Noor