Sapar-Saparan, Rebo Wekasan lan Wisata Kedung Derus
Andi Sep Kurniawan (dipublikasikan pada Kamis, 15 Oktober 2020 09:21 WIB)
- Laporan
Sapar-saparan iku tradhisi adat budaya masarakat pesisir hang saben taun dianakaken ring akeh panggonan, salah sijine ring Pondoknongko. Iwuh iku mesthi ana ring dina Rebo pungkasan ulan Sapar itungan ulan Jawa. Masarakat yakin anane kegiyatan Saparan iki dienggo nulak bala utawa musibah ring wilayah kono, sakliyane iku uga dienggo ngucapaken rasa sukur nyang Gusti Pengeran hang wis nguweni berkah arupa nikmat lan rejeki.
Arane tradhisi adat budaya mula sing keneng disepelakaken. Kadhung saban taune wis mula ana, taun-taun sakteruse ya mesthi kudu dilakoni merga wis dadi budaya utawa kebiyasaan. Umpamane prei utawa mandheg setaun bain, ya mesti ana bain alangane utawa godhane. Mulane hang aran adat mula kudu diuri-uri.
Dina Rebo pungkasan ulan sapar ring itungane ulan masehi tiba ana ring tanggal patbelas Oktober 2020. Desa Pondoknongko nganakaken adat iku. Pageblug covid19 sing dadi alangan merga panitiya wis miloni protokol kesehatan, kayata nganggo cek suhu badan, antiseptik, topong (face shield), panggonane wisuh lan sabune.
Mula sing kaya taun sulungan, anane kegiyatan Petik Laut ring taun iki, sakliyane iku ya uga dienggo media nyiyaraken pembukaane Pantai Kedung Derus. Mula diseja dibarengaken merga wektu hang tepak, makene masyarakat padha weruh kadhung ring Banyuwangi ana wisata anyar hang buru dibukak ring Desa Pondoknongko. Sing sithik hang teka, taping uwong-uwong kabeh ya wis padha nganggo topong.
Panitiya kegiyatan teka Bumdes Makmur, Pokdarwis Desa Pondoknongko lan Pokmaswas Deling Seganten serta Pemerintah Desa Pondoknongko kolaborasi barengan, asile kolaborasi ya kegiyatan lan launching wisata Pantai Kedung Derus. Hamdan Ramahurmusi, ST Kepala Desa Pondoknongko ana ring sambutane Iyane nyatakaken, "Hang aran tradhisi ya mesthine kudu diuri-uri makene hing ilang lan padha selamet kabeh. Tema ana ring kegiyatan taun iki yaiku Sapar-Saparan Rebo Wekasan lan Selametan 100 Ancak. Anane Sapar-Saparan iki muga bain dadi dalan majune Pantai Kedung Derus, dikembangaken bareng-bareng merga nguweni dampak langsung utawa sing langsung kanggo masyarakat. Desa ring Kecamatan Kabat mung siji hang nduwe pesisir yaiku Pondoknongko, mula mayo disokong bareng muga bisa dadi apike kanggo kabeh."
Camat Kabat Bapak Susanto Wibowo nguweni sambutan, "Nguripaken potensi desa mula dalan hang apik, paran maning Banyuwangi wis kesuwur potensi wisatane. Pantai Kedung Derus perlu dikembangaken makene bisa dadi Icone Kecamatan Kabat merga mung sijine desa hang ana ring kecamatan hang nduwe pesisir."
Pak Susanto nambahi kelawan nduduhaken girange merga kinerjane Pemerintah Kabupaten Banyuwangi dadi nomer siji se-Indonesia. "Kesuwun, tetep jaga kesehatan, matuhi protokol kesehatan muga kabeh aman lan diadohaken teka virus corona.”
Perwakilane teka Kadis Perikanan lan Pangan, Bapak Edy nguweni sambutan, “Kadhung mbahas Kedung Derus iki dalan ceritane dawa. Dinas Perikanan lan Pangan wis ndhampingi ana nawi petang taun saiki. Awale arane KUB (Kelompok Usaha Bersama), merga nelayan ring kene kepingin ngelakoni kegiyatan konservasi pungkasane diuwah dadi Pokmaswas (Kelompok Masyarakat Pengawas). Hang nggarai enget teka jetheke (perahu), sing ana hang nduwe masiya nelayan endi bain. Jetheke teka jajang, mulane arane kelompoke Deling Seganten, deling iku maknane jajang seganten maknane segara. Mula kendel-kendel nelayan kene, kambang-kambang ana ring tengahe segara nganggo jethek teka jajang."
Sakliyane iku, bengen cemara hang ring Pondoknongko iku ana hang ngobong, tapi weruh-weruh saiki wis cemukul maning. Mugiya anane kegiyatane Sapar-saparan lan wisata anyar iki bisa ndadekaken sejahterane masarakat, jare Pak Edy.
Kegiyatan Sapar-saparan ring Pantai Kedung Derus disambi kegiyatan selametan 100 ancak hang digawe teka papah gedhang, nguri-uri sejarah lan ngurangi sampah plastik. Sakmarine ancakan dilanjutaken nandur wit cemara udang, wit pandan laut, wit bakau, lan larung teka terumbu karang. Sing kaya larung-larung hang ana ring desa liyane hang biyasahe nganggo endhase kebo utawa sapi, larung ring Pesisir Kedung Derus iki nganggo larung terumbu karang buatan, tujuwane makene bisa dienggo panggonane iwak, manpaat dawane bisa dienggo ambi masarakat. Larung terumbu karang mauka usulan teka Kepala Desa Pondoknongko nepaki nggawe rencana anane kegiyatane Sapar-saparan.
Hang teka ring kegiyatan iku ana Dinas Kebudayaan dan Pariwisata, Dinas Perikanan dan Pangan, Balai Konservasi Sumber Daya Alam (BKSDA), Bank Sampah, Dinas Lingkungan Hidup, Akademi Penerbang Indonesia Banyuwangi (APIB), Forpimka Kecamatan Kabat (Camat, Kapolsek, Danramil), lan jajaran Kepala Desa Se-Kecamatan Kabat. Muji sukur kegiyatan melaku lancar lan aman. Hang aran tradhisi adat lan budaya mula kudu diuri-uri makene calone generasi ngerasakaken lan weruh kadhung ana tradhisi hang kaya gedigi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






