Sejarah Hindu-Budha Mangsa Kerajaan Belambangan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 12 Februari 2026 07:06 WIB)
- Opini
Hindu-Budha Mangsa Kerajaan Balambangan
Ditulis ring Mas Aji Ramawidi
Ana pirangane panggonan ring Banyuwangi hang dikira-kira wis ana sakat taun 99 masehi, aju jaman Singasari-Kediri-Majapahit ana pisan panggonan yaiku Desa Barurejo ring Kecamatan Siliragung, hang seperene magih sugih warisan purbakala lintas periode. Kadhung Kalibaru minangka petilasan Maharshi Markandya hang agamane Hindu, aju Barurejo minangka tapak tilas Kategan utawa Katyagan, panggon para Biarawan Budha.
Ring mangsa Kerajaan Belambangan, Hindu-Budha uga kuwat pengaruhe. Miturut stap Museum Blambangan, Bayu, Candi Macanputih ring Kabat uga ngatonaken cirine Hindu-Siwa (Bayu, 2020: 16).
Paran maning kayadene teradhisi Hindu tepak jaman iku, disebutaken gok sakuwise pungkas umure taun 1691, Prabu Tawangalun uga ngelakoni ritual Ngaben (C. Lekkerkerker, 1923: 22 lan de Graaf, 1989: 126).
Kadhung diemataken, pembukaan Babad Mas Sepuh hang ditulis ring Bali ana nyebut aran Dewa Siwa; “Om nama Siwaya Swaha” (Winarsih, 1990:119). Iki nduduhaken gok penulise minangka penganut Hindu. Gedigu pisan ambi temuan Lingga-Yoni ring Pesanggaran hang bisa bain ana hubungane ambi Pangeran Agung Wilis nepaki tirah nyepi ring kana.
Siji maning yaiku temuan arupa barang-barang hang ngatonaken ciri has agama Buddha ring Situs Gumuk Klinting Muncar (melebu Kawasan Ardja Balambangan) tepak ekskavasi taun 1976 nyang Puslit Arkenas. Temuan iku antarane ana materai, monte lan lading kanggo nyukur rambut, kelebu belung kelunthunge menungsa hang dikira-kira teka abad XIV, hang kabeh iku saiki wis disimpen ring Museum Mpu Tantular, Sidoarjo (Bayu, 2019: 19).
Pungkas.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.