Anggitane: Hani Z. Noor
(Minggu, 13 Juni 2021 10:34 WIB)

Sepidhah Udhut


"Beng, aja kari barak seru genine, engkotah gempung, wurung ulih picis Emake," abane Emak teka njerumah.

Isun magih nong pawon, nulungi emak saben dina Minggu utawane preian sekolah gedigi wis biyasah. Sing tau kepilu milu kanca-kanca hang menyang memengan ring panggon wisata tah paran iku hang mung lungguh-lungguhan muyab sak kancaan.

Isun welas nyang emakisun, sing mentala kadhung tepakane prei sekolah magih suntinggal memengan hang sing perlu.
Isun mula dudu anake wong sugih hang bandhane lebih-lebih, urip teka ulihe emak megiyet tandang paran bain sakuwise apak sampek umur. Nggawe jajan hang dititipaken ring warung tah kantin sekolah, nerima pesenan olah-olah paran bain. Kadhangane ana pesenan sega kothakan, kadhang ngolahaken masakan dinggo uwong hang nampa dhayoh lan pegaweyan liyane.

Jare emak hang penting halal, aja kathik isin ngelakoni paran bain golet dalan ulih rejeki.
Isun dhewek ketepakan kerana welase Pengeran ulih beasiswa sekolah, dadi ya hing sepira nambahi abot sangga uripe emak. Mulane isun ya kudu ngarteni gok kabeh iku mau dilakoni emak kanggone nggawe uripisun sing sampek kurang masiyatah sing lebih-lebih.

Saben isuk mangkat sekolah isun melaku rada ngawiti kanca liyane, polae ambi nyangking jajan gawenane emak hang dititipaken ring warung hang sunliwati ambi kantin ring sekolahisun pisan. Isun sing tau isin kerana welasisun nyang emak seru gedhine. Isun kepingin terus bisa nulungi emak.

Iki dina Minggu, mari nulungi emak nong pawon isun magih kudu ngateraken jajane nong warung-warung, polae kadhung warung iku ya sing ana pereine kaya kantin sekolahan hang pereine padha ambi dina pereine lare sekolah.

"Beng, nyak kek.. wis cemepak kabeh, agage melakuwa wis," abane emak.

"Enggih Mak, niki empun salin penganggon, kantun kudhungan," saurisun.

Sepidhah udhut tinggalane apak wis gemilap mari sun elapi. Masiya umure wis tuwek, taping magih katon apik. Sepidhah udhut iki hang nulungi isun lan emak sabendinane bisa merana-merene. Belanja bahan jajan tah masakan nyang pasar hang mula rada adoh teka umah, utawane ngateraken jajanan nyang warung-warung uga ngateraken isun sekolah ring SMA hang mula rada adoh teka umah.

Wadhahe jajan gawenane emak wis nong njero tas plastik cementhel nong sepidhah montor.

"Kula melampah nggih Mak," pamitisun nyang emak.

"Iya, aja pati ngebut.." semaure emak ambi singkrih ring pawon.

Kari siji maning jajan hang kudu hun ateraken, warunge parek pasar. Biyasahe dina minggu gedigi lebih rame timbangane dina liyane.

Parkiran kebek, sing bisa nong ngarepane warunge, edheng-edheng golet panggonan parkir ulih ring ngarepe jejerane tukuk-tukuk ring walike montor hang parkir ring kana.

Isun melaku nuju warunge, mari nyerahaken jajan titipane emakisun, sedurunge balik nyang parkiran isun mampir tuku bahan pisan ambi belanja rambanan lan iwak pesenane emak. Jare emak kepingin olah uyah asem seladhah disandhing pelasan iwak Teri. Mari tuku seladhah, iwak dinggo pelasan lan kebutuhan liyane isun balik nuju parkiran.

Gadug ring parkiran, katon kari rame, akeh uwong padha ngerubungi sepidhahisun.
Ana paran ndane? Batinisun.

"Amit, Kula ajenge..." 

Suwaranisun sakkal mandheg ndileng sepidhah ududisun nggelimpang ring parkiran. Lampu mburi bencah, sepione meleyot.

"Lah, apuwa sepidhahisun iki?" Takonisun nyang uwong-uwong.

"Siratah hang duwe iki Beng?" Takone paman-paman hang ana ring kono.

"Enggih.." jawabisun.

Mara-mara ana lare lancing gupuh marek.

"Sepurane..."

"Lah! Sup, Rika tah?" Abanisun kaget nyang lare lancing hang mara iku. Ati kaya kemesud ndileng iyane, dudu pekara sepidhah udhutisun hang gemiblak nong parkiran. Iyane kanca sekolah, larene meneng sing kakehan polah. Larene pinter, taping sing bingkak, isun weruh polae kadhang sak kelompok kadhung ana tugas sekolah.

"Yee.. iki sepidhahrika tah Nik?" Takone nyang isun.

"Sepurane, iku mau Isun kesusu-susu polae njuwut pesenane Emak nong pasar, wis dianteni nong umah, cumpu tepak ngunduraken montor nyenggol sepidhah montor hang parkir iki," suwarane getun rumangsa salah.

"Engko nak Hun ganteni ya, entek pira Isun warahana," abane maning ambi ngedegaken sepidhah montorisun hang maune digeningaken ambi uwong-uwong makene dadi bukti, nganteni sampek isun teka.

"Yee.. Sup, gampang wis geningena engkisuk bain nong sekolahan kecaruk ya, barangan sing diseja, yara? Wis gancang muliha, sekaken emakira nganteni" saurisun.

"Ee.. iya wis, sepisan maning sepurane ya.. Sun tinggal sulung," pamite.

Uwong-uwong wis padha bubar, polae dianggep wis sing ana urusan. Hang duwe montor cumpune kenal lan tanggungjawab.

Sepidhah hun setater melaku mulih.
Gadug umah sun jelasaken nyang emak kedadeyan mauka, emak mung manthuk-manthuk sing kariya ruwed.

Usup, lare pinter ring sekolah. Larene meneng, peraupane rijig. Kadhangane ring njero ati ana rasa dhemen kadhung tepak sak kelompok ulih tugas sekolah.

Mandaneya...

Taping rasa iki mung ana ring njero ati, paran maning sarta weruh duwe montor, berarti iyane anake wong sugih, isun iki sapa tah?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor