Seri Basa Using Lawas: R. Binata (03-16)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 24 September 2023 07:39 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Binata (W71-03-16)
Ater-ater:
Sakliyane R. Soedira, ana R. Binata hang nyathet ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1929-1932. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip.
abet: Kelihatannya.
Kang sira cekel iku lading sapa, abete kaya ladingisun, sundokaken ing planca buritan, weruh-weruh sing ana, apa sira kang jumput?
sundokaken= sun endohaken: Kutaruh.
planca: Balai-balai.
buritan: Serambi belakang.
jumput: Ambil.
rabas: Membabat habis.
ubag= umpak: Batu alas sesuatu.
Ubag lumbung= umpak lumbung: Batu untuk alas kaki lumbung.
amplok: Gendong belakang.
ngamplok gelugu: Mengangkat/memikul kayu kelapa di belakang punggung.
opak angin: Jenis makanan opak.
angkuh, angkuhna: Memasang.
Kancing iki angkuhna ring klambi kang ana ing sangsangan iku.
kancing: kancing.
ring: di.
sangsangan: Sangkutan, sampiran.
ungker, mungker: Melungker.
Saking adheme kadhung turu mungker kaya tenggiling.
tenggiling= trenggiling.
ungkruk, mungkruk (Bahasa Jawa): Merunduk.
ungkreg: (Tanah yang) bergerak.
Lindhu soren bengi gedhe temenan, ungkrege lemah kari anter yak.
sorèn bengi: Kemarin malam.
kari anter: Keras sekali.
yak: Ya.
angkut, angkut-angkut: Sejenis serangga (tawon tutur).
angkus prana: (Tidak ada keterangan-red)
ungkel= Kerikil, kotoran.
èngklèk: Berjalan dengan kaki sebelah.
merekah, mbledhog: Retak.
Sawah merekah= sawah mbledhog: Sawah yang tanahnya merekah/pecah.
Tembok merekah: Tembok yang retak.
mèngkah-mèngkah: Terengah-engah.
Sira mlaku mengkah-mengkah ana paran?
èngkang, mèngkang-mèngkang Membentangkan: kedua kaki.
ason-ason: Berburu celeng menggunakan anjing.
asu= (besiki) sedhar.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.