Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-13-14)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 22 Agustus 2023 09:13 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira (W74-04-13-14))
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
wangsa: Nama jenis kembang.
Si Ipah iku tuku kembang wangsa dienggo mbacem (lenga rambut).
wangsa kenanga: Nama jenis kembang, pohonnya merambat.
Kembang Wangsa kenanga iku wite merambat ring anjang-anjang.
cempaga: Nama jenis pohon, kayunya berwarna merah tua, dipakai untuk tulangan kerangka rumah.
Si Santa iku tuku kayu balok cempaga digawe balungan umah.
cempaga jae: Nama jenis pohon, kayunya berwarna merah kekuningan, sering digunakan untuk pintu atau gebyog rumah.
Kayu cempaga jae iku saweneh (sebagiyan-red) wong ngarani kayu kembang, awit (merga-red) ambune wangi.
jagir: 1. Nama jenis pohon.
Umahe Si Waluh iku balungane saka kayu jagir.
2. Anak kerbau, jantan, yang sudah umur setahun.
Si Lebuh iku duwe jagir sepasang.
langsat lutung: Nama jenis pohon, biasanya dipakai sebagai kerangka rumah.
Emper umah iku balungane kayu langsat lutung.
pecari: Nama jenis kembang, warnanya putih atau kuning, dan berbau wangi.
Si Selo iku ngundhuh kembang pecari olih setenong (sak welasah).
cager=mendahneya: alangkah; betapa.
Wit asem iku wohe akeh kang mateng, cager diorag nawi olih sak goni.
mandaneya=mendahneya: alangkah; betapa.
sumuja=sekerat: Nama jenis bunga yang sering ditanam di kuburan, warnanya putih.
Isun wis ndeleng endi-endi kuburan ana tandurane wit sumuja.
capret: menebang pohon sampai batangnya rata dengan tanah.
Wong nebang (mbacok) tebu pabrik iku bongkote kari capret nyang lemah.
magih: Masih.
Si Aman takon nyang Si Lebuh, clathune: Ring pasar jare ana wong dodol duren, kirane magih ana? Si Lebuh nyauri: Iya magih.
sing omes: Tidak sabar; tidak telaten.
Si Bodhos iku yen (kadhung-red) ana lare memengan gègèr bain, sing omes, saknalika iku dikongkon menyang.
gajas: (Tidak ada keterangan-red).
kolat grigit, kolat gajih: Keduanya jenis jamur. Kolat grigit berwarna putih, kecil, sering dijumpai tumbuh di kayu tebangan yang sudah kering.
Ing mangsa udan iki kolat grigit padha thukul ring kayu garing, Si Surati muputi diolah jangan bumbu semur.
nyeluk: Memanggil.
Si Waluh iku nyeluk Si Selo arep dikongkon menyang pasar.
cala, nyala: (Tidak ada keterangan-red).
muket: Mengikat.
Si Buwang nyekel tali penjalin kanggo muket gedhèg.
tégok (cikong): Kecipir.
Si Karti tuku tégok diolah jangan pupuwan.
sawi: ketela pohon, jenis buah yang terpendam dalam tanah seperti ketela rambat.
Si Darni iku menyang pasar tuku lempog sawi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.