Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-15-16)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 23 Agustus 2023 06:29 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira (W74-15-16)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
biyèn=bengiyèn: Dahulu.
Isun magih cilik biyen, saben adus menyang kedhung bareng lare akeh.
wong biyèn=bengiwèn: 1. Sudah lama.
Si Andon lan Si Buwang padha omong-omongan, clathune Si Andon: nagara iki kawit ana sepur saya lawas saya rame. Si Buwang nyauri: wong biyen sepur motor durung ana lan wong manca liya nagara durung akeh, mulane katon sepi.
2. Orang kuna.
Reca watu iku gaweyane wong biyen.
angges: (Tidak ada keterangan-red).
kendhur, mendho: Menunjukkan cara berjalan yang lamban.
Si Marsa iku yen (kadhung-red) mlaku kendhur, awit (merga-red) sukune lara linu.
mendho=mendha: Keinginan yang kurang kuat.
Si Bodhos iku maune kesusu ngajak mlaku nyang sawah, ora (sing-red) suwe diajak mlaku kok mendho!
geblug: Tumpul, untuk menerangkan ketajaman senjata.
Si Surat iku duwe budhing sing tau diasah (diungkal-red) mulane geblug.
tali wingka: (Tidak ada keterangan-red).
katimaha=timaha: Nama jenis pohon, banyak getahnya, karenanya banyak orang yang mencari.
Kayu katimaha kang metu pèlète iku anggone digawe sarungan (werangka) keris, bantang tumbak, teken utawa liya-liyane.
mari: Selesai.
Si Kuming iku kawit esuk mau ulihe madung kayu buru mari.
sithik: Sedikit.
Si Waluh iku yen (kadhung-red) mangan sega akeh (entek rong piring), bareng (sarta-red) mangan ketan mung sithik (entek setengah piring).
rempit: Terlihat lega.
Pa Kantha iku mari duwe gawe mantu, ndeleng barang silihan during bisa ngulihaken pikirane ruwet, bareng (sarta-red) wis diulih-ulihaken kabeh, saikine rempit.
sèndhèn, saparowan: menggadaikan tanah atau sawah atau kebun dan lain-lain.
Si Andon duwe kebon klapa werane sebau, didol sendhen nyang Si Buwang rega f100 klawan janji lawase setahun utawa luwih, Si Andon misthi nebus maning rega f100, dene asil kebon sajrone sataun iku kang duwe Si Buwang, mangka bareng (sarta-red) tumekane perjanjian sing bisa nebus. Si Buwang meksa nganteni sabisane nebus, dene asil kebon magih tetep Si Buwang kang duwe.
saparowan=parowan: Menggarap sawah dan hasilnya dibagi dua.
Si Labu nggarap sawahe P. Bun ulih-ulihane pari 8 agem, dadi Si Labu olih saparowan (4 agem), Pa Bun olih separowan (4 agem).
kirangan: Tidak tahu.
Pun Waluh taken dateng Si Lebuh wicantenipun: Ing ngriki punapa wonten tiyang kang purun ngorag woh asem punika? Pun Lebuh nyauri: kirangan.
laré: Anak.
Si Wata iku nyang plekat (alun-alun) nonton lare tembung.
tah: kata untuk menekankan kata sebelumnya
Si Brata nyeluk Si Tana clathune: Tana! Mreneya tah sadhela padha sarapan.
paca: Jadi.
Si Supardi iku dina iki paca kawin lan (ambi-red) bakale aran Si Padminah prawan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.