Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-17-18)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 24 Agustus 2023 07:01 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira (W74-04-17-18)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
sembyah: Panggilan anak-anak kepada orang tua Perempuan yang tidak diketahui namanya.
Clathune: sembyah (mbah)! Enyak iki jajan gawanen mulih.
kakik=kaki: Panggilan anak-anak kepada orang tua laki-laki yang tidak diketahui Namanya.
Clathune: Kakik (Kik) enyak iki picis 5 sen nggonen tuku jajan.
pena: Kamu, panggilan untuk orang lelaki yang seumuran.
Si Andon nyeluk Si Labu clathune: Labu! Mengko sedhela engkas pena menyanga pasar tukuwa bako rokok.
mak (emak): Ibu, panggilan anak kepada orang tua Perempuan.
Clathune: Mak! Njaluk mangan iwak endhog.
sing kathik: Tidak usah.
Si Tun takon nyang Si Kasman, clathune: Wedang kopi iku sing ditambahi gula maning? Si Kasman mangsuli (semaur-red): sing kathik.
palang: Nama pangkat/jabatan, jadi kepala petinggi.
Ass. Wedana yen (kadhung-red) aweh surat prentah nyang petinggi, surate tumiba nyang palang sulung, sauwise nuli (buru-red) dilantaraken nyang petinggi-petinggi.
bekel: Nama pangkat/jabatan, Asisten wedana.
Mas Kerta mantri pulisi olih pangkat bekel.
denawa: polisi desa.
Pa Buwang iku ulihe dadi denawa wis lawas.
anglah: 1. Penyakit yang membuat orang hilang ingatan (pikun).
Si Andon iku ulihe lara kadheman kari anglah!
2. Orang yang terluka dan tidak punya kekuatan karena kelelahan.
Uni bengi ana maling dipenthungi wong sampe anglah.
memengan: Bermain.
Lare-lare iku padha memengan gasingan (kekean).
atal: Bedak berwarna kuning biasanya untuk pengantin atau untuk mengecat gambar-gambar.
Penganten iku lanang wadon awake sakujur diwedhaki nganggo atal.
celak: Penghias mata, berwarna hitam.
Wong Arab iku lanang wadon telapukan mata kang ngingsor nganggo celak.
kethot: Tetel tau jadah, nama kue yang terbuat dari ketan kukus dicampur parutan kelapa dan garam lantas ditumbuk sampai lembut.
Si Damin iku mangan kethot ditutulaken kambi iris-irisan gula aren.
umah wentilasan (patilasan): Rumah peninggalan leluhur.
Si Buwang iku manggon ring umah wentilasan rupa gedhong, atep (gentheng) sirap kayu jati, wangune (modhele-red) dara kepek.
tikel balung: Nama bangunan rumah kayu, berdinding empat dan beratap dua ke kiri dan ke kanan.
Si Waluh iku tuku umah tikel balung.
crocogan: Bagunan rumah kayu, berdinding besar dua, dinding kecil dua.
Si Bodhos iku gawe umah anyar wangun crocogan.
nggejig (nggejèg): lebih banyak.
Sore ring pasar wong adol poh sing pati akeh ing dina iki kari nggejig.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.