Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-21-22)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 26 Agustus 2023 08:37 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira (W74-04-21-22)


Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

wangkit: Batas.

Pa Andon iku pekarangane kang sisih wetan wangkit kali.

cuki: 1. Permintaan uang kepada orang yang berjualan sebagai upah membersihkan kotoran.

Uni bengi ring umahe Lurah (petinggi) nanggap gandrung, wong dodolan akeh, wong rondha kampungan nuli narik cuki, saben wong dodol mbayar sa sen.

                2. Pajak kepala.

Si Parun iku saben taun mbayar pajeg cuki f1.

éwuh: Repot, orang yang punya hajat menantu atau khitanan.

Pa Lebuh iku mbesuk dina Kemis iki arep ewuh nyunati anake lanang.

motong lembu (besiki): Memotong sapi.

Jagal punika pendamelanipun motong lembu.

sekendi: Berapa.

Si Selo takon nyang Si Waluh clathune: poh kopyor iku siji regane sekendi? Si Waluh mangsuli: siji rega sabenggol (2 ½ sen).

koled (besiki): lama.

Pun Labu punika lampahipun koled, awit sukunipun sakit linu.

maning: lagi.

Si Lebuh iku mau wis mangan, saiki teka njaluk maning.

entèng: Habis, seperti orang makan yang tak bersisa.

Woh sawo iku kang tuwek-tuwek enteng dipangan codhot.

juwari: tidak malu.

Si Waluh iku pancene juwari, ulihe maju gandrung diguyu ring wong akeh ayem bain.

22

cok=kanca: panggilan orang lelaki ke orang lelaki yang lain, yang tidak diketahui Namanya.

Si Labu nyeluk wong kang padha ngadeg nonton wayang, clathune: Cok! Kabeh padha lungguh ring gelaran lanti iki.

gubab=goroh: Omong yang tidak sesuai dengan kenyataan.

Si Labu ngomong nyang Si Waluh, yen (kadhung-red) ring tegal (alun-alun) ana wong gitikan, Si Waluh nuli (aju-red) nyatakaken sing ana paran-paran (sepi), nuli clathu: pancene omong gubab.

menyang: Pergi.

Si Labu iku menyang kebonan aep ngundhuh kenthang.

embok: Kakak Perempuan.

Si Selo iku sadulur nom lan (ambi-red) Sukarni, mulane Si Selo nyang Si Sukarni nyeluk embok.

nana: Tidak ada.

Sajrone wulan iki ring kampungan nana krameyan, awit saking angele golekane picis.

thul: (sudah dibahas sebelumnya)

cul: (sudah dibahas sebelumnya).

bojog: monyet, nama hewan, warnanya kelabu, mukanya mirip manusia, ekornya pejal, giginya tajam dan bertaring, jari kakiknya bisa menggenggam seperti tangan.

Bojog iku kari akeh, kang gedhe dhewek mung siji sarta lanang, yaiku kang diarani banthongan.

genengna=makene: Biarkan.

Si Labu kongkon Si Buwang nyang Si Kandar njaluk picis, Si Kandar mangsuli, clathune: genengna, Si Labu dhewek teka mrene.

koplos: Bentuk telinga yang menekuk ke depan.

Si Waluh iku duwe asu kupinge karo pisan koplos.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor