Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-25-26)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 28 Agustus 2023 08:11 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira (W74-04-25-26)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

ngayah: Mengerjakan pekerjaan umum yang diselenggarakan oleh negara.

Pa Bodos ngayah nyang lurung nggelar kerikil.

pajeg=roban, pajegan: 1. Orang yang ditetapkan untuk membayar uang kepada polisi desa.

Denawa iku ing dalem satahun olih wong pajegan (wong hang mbayar pajeg-red) papat utawa lima, saben pajegan siji mbayar sepuluh rupiah utawa luwih, miturut asil desa.

                2. Uang yang diambil dari apa yang dihasilkan oleh tanah dan panggahotan.

Si Dar iku duwe sawah 1 bau, satahun keneng pajeg f15, Si Man iku kuli buruh-buruh satahun keneng pajeg panggahotan f1,50.

kauk: Bersorak, suara mulut yang keras yang diteriakkan bersamaan.

Isun rungu suwarane wong kauk rame, bareng (serta-red) sun parani dadak ring plekat (alun-alun) ana wong gitikan.

tegari/negari: Mencoba.

Si Waluh iku duwe jaran ditegari narik dhokar, tarike apik.

lorowestu: Nama bunga akar, aromanya wangi, daunnya mirip dengan daun sereh.

Si Labu iku nganam kembang oyod lorowestu digawe kepet.

klendi sé: Bagaimana sih.

Si Kuming iku yen (kadhung-red) ditagih utange ring Si Waluh semaya byain, Si Waluh nuli (aju-red) clathu: Karepe klendi se, apa niyat mbayar apa sing.

nratas, gantas: Membangun batas lemah yang baru mendapat ijin.

Si Dahana iku sak kancane padha nratas alas idinan anyar.

wingi, wong wingi: Orang kuna. Wingi= kuna. Wong wingi= Orang kuna.

Reca watu iku gawenane wong wingi.

gendheng: 1. Tuli, kuping yang tuna rungu.

Si Kanta iku yen (kadhung-red) ora dianter ulihe ngajak ngomong arang disauri awit (merga-red) gendheng.

                2. Kelapa yang belum bunyi air saat diguncang-guncang.

Ngundhuh klapa iku yen (kadhung-red) magih umur 35 dina akeh kang gendheng, tandha isine magih nom.

bongol: 1. Bodoh.

Si Tawu iku ana ring sekolahan diwuruki paran bain sing bisa, pancene larene bongol, mulane sing bisa munggah klase.

                2. Jangkrik yang tidak mau membuka mulutnya dan berbunyi meski dikili-kili.

Bongol iku jangkrik kang dikileni cangkeme sing gelem mangap lan sing gelem ngerik, geleme mubeng-mubeng bain, yen (kadhung-red) diadu arang gelem cokotan untu padha untu, geleme nyokot sothang utawa boyok.

maning: (Sudah pernah dibahas).

sulung: Terlebih dulu.

Si Labu lan Si Waluh padha semayan mengko soren nyang sawah, bareng (serta-red) tumekane semayan Si Waluh nyang umahe Si Labu dadak (cumpu-red) wis mlaku sulung.

tégok: (Sudah pernah dibahas).

barongan: Rumpun bambu.

Luwak iku anak-anak ring barongan Jajang.

jajang: Bambu.

Jajang iku werna-werna arane, kang diarani Jajang surat iku rupane kuning nganggo strip ijo lan Jajang watu iku anggone digawe gedheg.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor