Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-27-28)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 29 Agustus 2023 06:50 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira (W74-04-27-28)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
sapa, sinten (besiki): Siapa.
Si Selo takon nyang Si Lebu clathune: Sapa duwe wedhus kang mangani tanduran jeruk iku? Si Lebu mangsuli: kang duwe Si Labu.
capé (besiki): Katanya.
Pun Buwang punika cape Pun Bodhos badhe kesah dhateng peken.
lom/elom: Lapar.
Si Kuming iku teka njala sambat elom.
apruwa: (Sudah dibahas sebelumnya-red).
mbadhog: Makan, tapi kata yang kasar.
Si Taha iku nguwel Si Kuming clathune: Kuming iku arang ana ring umah, gawene teka-teka mbadhog.
mau mangan: Tadi sudah makan.
Si Selo iku mau mangan sega entek rong piring.
solèd: Alat untuk mengaduk jenang dodol, terbuat dari kayu, bentuknya mirip dayung perahu.
Si Rasmi iku nyekel soled dienggo nggalo jenang dodol.
sologan (sogolan): Tunas tebu yang tumbuh dari pohon tebu sehabis ditebang.
Si Dahana iku ngarit sologan tebu kanggo makani sapi.
gunja: Tempat minum yang terbuat dari satu buku bambu.
Si Labu iku teka kali ngiseni gunja.
sajeng=legèn: Air lirang (klapa) hasil sadapan dengan cara memotong garehan (manggar).
Sajeng lirang (klapa) iku rasane manis, keneng digawe gula utawa werak.
célup: Istilah dalam permainan anak-anak, artinya: entar dulu.
Lare-lare iku padha memengan jemblungan (dolan playonan) kancane akeh, kang dadi tukang nyekel lare-lare kang padha playon mrana-mrene mung siji, sing (hang-red) sapa keneng dicekel awake iku bakal dadi gentine kang tukang nyekel, menawa kang arep dicekel muni: celup, si tukang nyekel meksa wurung nyekel.
ngomplong: 1. Terbuka, istilah untuk pintu.
Lawang pawon iku ngomplong, pitike akeh kang mlebu.
2. Menganga.
Si Dur iku ulihe ngerungokaken kancane ndongeng, cangkeme kari ngomplong.
bablag: (Tidak ada keterangan-red)
temeblug/temebluk: Terjatuh, misalnya barang dari atas yang jatuh.
Poh madu iku akeh kang mateng, bareng (serta-red) katerak angin deres akeh hang temebluk.
nyélong: Disingkirkan ke lain tempat.
Pamarentah wis netepaken nyelong Si Tawu teka tanah Jawa menyang tanah sabrang, awit (merga-red) kadakwa dadi pongkole (tetuwane) brontakan.
selanten: (Tidak ada keterangan-red)
cemeng (besiki: ireng): Hitam.
Manggis yen (kadhung-red) magih mentah rupane kuning, yen wis mateng rupane cemeng (manggis punika tesih mentah rupinipun kuning, manawi sampun mateng rupi ireng).
tebyah (satebyah): Nama ukuran menggunakan telapak tangan.
Si Selo iku tuku lawon telung udheng lebih satebyah.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.