Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-29-30)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 30 Agustus 2023 06:51 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira (W74-04-29-30)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
binté: Mengadu betis ditendang menggunakan tulang kering lawan, secara bergantian.
Si Andon lan Si Labu padha binte, Si Labu kempole krasa lara nuli (aju-red) ngajak leren.
branding=tutus: Tali terbuat dari bambu yang dibelah tips-tipis.
Si Mita iku gawe branding kang digawe Jajang apus.
klakah sa-silad=klakah sa ilat (siji); Bambu yang dibikin atap rumah.
Si Labu iku masang klakah pawon kurang klakah sa silad.
wongsa: Sudah pernah dibahas.
kenèng tolah/temah: Terkena azab dari leluhurnya.
Si Kanang iku kawit cilik paningale sing katon olih dadi keneng tolah teka leluhure.
tanah asta: (Tidak ada keterangan-red)
mari tanem=mari tandur: Selesai bertanam.
Sawahe Pa Pala iku mari tanem pari (ulihe nandur pari wis mari).
ngrujaki: Nama selamatan untuk tanaman padi yang sudah berisi, dengan kue-kue di wadah takir daun dan rujak, diletakkan di pinggir uwangan (slokan) dan membakar kemenyan.
Sawahe Pa Pani iku parine wis ngerujaki.
labuh gampung, nganyari: Memulai panen padi.
Sawahe Pa Binta iku mengko esuk labuh gampung.
Sadurunge labuh gampung kudu gawe: lima jalang pari ditaleni lawe wenang, loro picis bolong kuna, siji garu rambut, siji kaca cilik, lenga klentik, kembang Wangsa lan wedhak wangi, digantung ring paglak utawa gubug, nuli (aju-red) nganyari labuh gampung.
mené: besok.
Si Kartinah iku mene arep nyang sawahe Pa Bana nulungi nandur pari.
kemplèng: Samping kiri dan kanan perut.
Ring pasar ana wong sudukan, kang siji tatu mbeneri (tepak-red) kempleng kang kiwa.
pukang: Paha.
Iku arane perangane suku, wiwit (sakat-red) dhengkul tumekaning (sampek-red) selane planangan (wates slakangan).
lintrik: Kartu kecil.
Si Kuming sakancane padha memengan lintrik lima.
pari alas=pari gaga: Padi yang ditanam di tanah kering tanpa dialiri air.
Lemah babadan anyar iku yen (kadhung-red) ditanduri pari alas thukule lemu lan wohe aos (gembel).
peli mati=peluh: Alat vital laki-laki yang tidak bisa berdiri.
Si Buwang iku planangane peli mati (peluh) mulane sing gelem rabi.
maèsi: Mendandani pengantin.
Si Selo iku maesi penganten wadon, awake sakujur diwedhaki atal, bathuke nganggo lotho diwangun jamang lan ditempleki kretep prada, gelungane direngga sundukan kembang mlathi, awake nganggo kemben bludru ijo (abang) sarta ditempleki permatan kang sarwa gumebyar, lengen kiwa tengen nganggo klat bau lan nganggo gelang.
lotho iku kang digawe godhong katu diulig digawe kenthel.
dawa dungus: Barang yang panjangnya tidak sama (ada yang Panjang ada yang pendek).
Sapu sada iku dawa dungus.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.