Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-3-4)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 15 Agustus 2023 08:07 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira (W74-04-3-4)


Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

payon tikel balung: Bangunan rumah yang berdinding empat dan ber-ampik-ampik (bagian dinding rumah di bawah atap berbentuk segitiga-red) dua.

Si Muhadi iku gawe umah wangune payon tikel balung.

payon limasan: Bangunan rumah beratap tiga bagian, dua di depan dan satu di bagian belakang, dua ampik-ampik (bagian dinding rumah di bawah atap berbentuk segitiga-red), pintu hanya satu di bagian depan.

Si Madun iku nganggoni umah anyar payon limasan.

payon dhara kepek: Bangunan rumah beratap enam bagian, depan belakang masing-masing dua, kiri kana nada atap lagi agak kecil dan menggunakan serang empat, di pucuk serang empat itu agak ditekuk ke atas.

Si Kariya iku nggawe umah wangune payon dhara kepek.

dhalang: Orang yang menjalankan wayang beserta ceritanya.

Pa Bardan iku dadi dalang wayang purwa.

ngaji, ngaos (besiki): membaca kitab suci.

Si Labu iku ana ring langgar (pesantren) ngaji (maca) kitab Kuran.

wong buken (deles): Orang asli.

Pa Pani iku wong buken Banyuwangi.

karung kadut=goni: wadah.

Karung kadut iku kang lumrah dienggo wadhah gula pasir utawa beras.

celeng (besiki): Hitam.

Peksi gagak punika rupinipun celeng.

curak: Rupa.

Isun tuku sarung plekat curak malang (rupane garis cemeng utawa klawu utawa abang digawe malang).

celep (dari kacelep): terperosok dalam lumpur yang dalam.

Cikar awot gula iku kacelep ring dalan blethokan.

seblang: Semacam gandrung tetapi dukunnya memberi sarat berupa air.

Uni bengi ana seblang akeh wong padha njaluk sarat.

panjak (gemblung): orang yang menabuh tabuhan (gamelan).

Si Buwang iku dadi panjak seblang.

gemblung: wiyaga atau panjak, tukang menabuh tabuhan.

Si Darman iku dadi gemblung gandrung.

arisan: Perkumpulan yang bisa menarik uang sebagai simpanan, yang mendapat giliran sudah ditetapkan dan bergantian.

Isun uni bengi ndeleng wong arisan ring umahe Pa Ganda, sun itung ana wong 50, saben wong ditarik f1.

jaban: Tanggapan gandrung yang menombok orang luar (si penonton).

Si Andan iku nanggap gandrung kanggo jaban.

sindiran: Ungkapan berupa prasemon terhadap yang dituju, misalnya

                Manuk sriti uleng-ulengan

                Manuk platuk miber ngulon

                Njaluk ambung ring petengan

                Mata ngantuk njaluk kelon

Gandrung iku yen (kadhung-red) nggandrung nganggo sindhiran, mulane si penonton akeh kang dhemen.

dhangyang (dhedhemit): Bangsa halus yang wjudnya tidak kelihatan, hanya tahu namanya.

Isun mlaku liwat pinggir nemoni wong kang duwe sawah andoh panganan ring pinggir slokan sawah (wangan), nuli (aju-red) sun takoni wangsulane: aweh pangan nyang dhangyang kang ngereksa sawah.

petinggi=kepala desa: pemimpin di satu desa.

Pa Parta iku dadi petinggi.

gitikan=ujung: nama keramaian (tontonan-red) menggunakan alat pemukul rotan utuh panjangnya satu depa, bergantian memukul.

Isun rungu suwarane wong surak rame, bareng (sarta-red) sun nyatakaken ring plekat (alun-alun) ana wong gitikan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor