Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-41-42)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 05 September 2023 09:38 WIB)
- Kolom Bahasa Using



  1. Ater-ater:


R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

 

sawi: Sudah dibahas sebelumnya.

jajang: Bambu. Nama pohon dengan berbagai jenis.

Jajang serit anggone digawe klakah, Jajang ori anggone digawe katir jukung, Jajang watu anggone digawe gedheg, lan Jajang apus anggone digawe tali.

branding= tutus: Sudah dibahas sebelumnya.

jliring: Daun kelapa yang masih hijau,

Si Junan iku nganam jliring digawe kepang.

handhapan (besiki): 1. Celeng, nama hewan.

Pa Bun wonten ing kebonan nyenjata handhapan nedha jagung.

2. Yang diunduh dari pohon kelapa.

Krambil punika yen (kadhung-red) mangsa rendheng handhapan saged kathah.

cuwut: Tupai, hewan yang warnanya kuning kehitaman, Sukanya di pepohonan.

Isun mbedhil cuwut ana ring wit klapa.

cèndhol: Kecebong, anak kodok yang masih kecil, hitam dan masih berbuntut.

Cendhol iku yen (kadhung-red) wis gedhe malih rupane dadi pecil.

kluwung: 1. Laba-laba, hewan yang suka  tinggal di pepohonan dan sarangnya bundar dianyam dengan bahan seperti benang, dan laba-labanya berdiam di tengah. Kalau ada hewan kecil yang menabrak, terbelit dan tidak bisa bergerak.

Laler iku kebuled ring umahe kluwung, kluwung marani nuli (aju-red) dipangan.

            2. Kluwung juga bisa berarti anak.

Ana lare telu (a, b, c) padha sadulur. Yen (kadhung-red) si a lan si c padha mati, si b iku diarani lare kluwung.

Si Karman (si b) iku lare kluwung, awit kakang lan adhine (a lan c) sakarone padha mati.

kéling: Baling-baling, ada yang terbuat dari bambu, kayu timah atau kertas.

Lare-lare iku padha playonan memengan keling.

sedhar: Sudah dibahas sebelumnya.

dhogol: 1. Tak berbulu, istilah untuk gangsir atau jangkrik yang belum keluar sayapnya.

Isun ana ring kebonan golek jangkrik magih akeh kang dhogol.

            2. Dhogol atau dhogolan, orang tanpa baju.

Si Brata iku ulihe mikul klapa kambi dhogolan.

dhudhuk: 1. Capung, sering ditemui di pinggir Sungai atau di sawah, dan warna-warni.

Dhudhuk kebo iku rupane ijo sarta gedhe, dhudhuk cendhala rupane abang rada kuning sarta gedhe lan dhudhuk cotrek iku rupane ana kang cemeng, ana kang kuning lan ana kang ijo sarta cilik, pasabane ring pakarangan umah.

            2. Dhudhuk atau dhudhukan: Menggali tanah.

Si Darka iku gawe sumur, bareng (serta-red) dhudhukan wis ulih 5 dhepa metu banyune.

jagir: Sudah dibahas sebelumnya.

gruyu=yuyu: hewan yang hidup di Sungai, bentuknya mirip kepiting tetapi kecil.

Gruyu iku yen (kadhung-red) dibakar nuli (aju-red) dipangan, dadi tambane lare kuwat ngompol.

bojog: Sudah dibahas sebelumnya.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor