Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-43-44)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 06 September 2023 08:18 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira (W74-43-44)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

 

tèlèr (katèlèr-tèlèr): Berjalan kemana-mana.

Isun ana ring dalan nemoni lare cilik lakune kateler-teler.

cangklong: 1. Pipa rokok yang terbuat dari kayu.

Si Waluh iku roko cangklong ambune kari enak.

            2. Wadah untuk memberi minum jamu untuk sapi atau kuda, dibikin dari bambu panjangnya kurang lebih sejengkal.

Si Maun gawe cangklong wadhah njamoni sapi.

corèt: 1. Korek api, alat untuk membuat api.

Si Labu iku teka ring pasar tuku coret.

2. Coretan.

Si Kuming iku ulihe nulis kitab, akeh kang nganggo coret abang.

lancing: Anak lelaki berumur 14-15 tahun.

Yen (kadhung-red) wong lanang durung ngelakoni rabi, salawase disebut wong lancing.

bacot: Sudah dibahas sebelumnya.

bera: Tanah tegalan yang akan dijadikan sawah.

Si Andon iku tegalane dikawiti bera.

garèhan: Cantelan/sangkutan buah kelapa.

Klapa iku gumandhul ring garehan.

gadhel: Kedelai, biji-bijian yang bisa dibikin kecap atau cukup direbus untuk panganan, rasanya gurih.

Si Selo iku tuku gorengan gadhel, nuli (aju-red) Sun pangan rasane gurih.

isun=sun: saya.

Isun menyang kali arep adus.

sira: Sudah pernah dibahas.

yané (iyané-red): Dia.

Si Waluh kongkon Si Labu menyang pasar tuku paru, Si Labu balik kongkon Si Selo, Si Selo ora (sing-red) gelem, sarta clathu: Ale yane kang dikongkon.

Cul: Sudah pernah dibahas.

ambekané: Meskipun; sekalipun.

Kusmin iku yen (kadhung-red) nggambar paran bain sawangane apik, bareng (serta-red) Si Pardi ulihe nggambar sing bisa apik ambekane nganggo conto.

dadiya: Meskipun.

Si Taha iku matane lara peceh wih lawas, angel warase, dadiya ditambani paran bain sing bisa mari (waras).

kadhung: Kalau; apabila.

Isun tuku lot lotre pecis, kadhung olih sepuluh ewu rupiyah arep nanggap wayang telung bengi.

bain, bin: Saja.

Sadina iki panas temenan, mulane awak isun kringeten bain.

paceké: Selalu; memang.

Si Bodhos iku paceke lare mbeleng (mbeling), yen (kalau-red) dikongkon sing gelem ngrungokaken.

prandané=prandéné: Padahal; namun demikian.

Si Selo iku teka ring kali mari adus, prandane ditakoni pengakune durung adus.

lajur: Lalu.

Si Waluh lan Si Lebuh padha semayan menyang sawah, dhonge dhong mlaku, Si Lebuh lajur ngajak wurung.

myakné=genengna: Biar; supaya.

Si Wandi ngomong nyang Si Labu clathune: Si Buwang iku arang sekolah, bapake warahen myakne weruh.

endhané: Misalkan.

Si Bodhos ngomong nyang Si Kariya clathune: Isun duwe manuk jalak, endhane didol apa ana wong kang gelem tuku? Si Kariya nyauri: sing tamtu, terkadhang ana kang takon arep tuku.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor