Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-45-46)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 07 September 2023 07:14 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira (W74-04-45-46)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
ring: Di.
Si Bun takon nyang Si Labu, clatune: Ring endi ana wong adol manuk jalak? Si Labu mangsuli (semaur-red) Si Bodhos duwe manuk jalak sungu (ireng) arep didol.
sang: Yang.
Wit poh golek iku wohe akeh sang mateng.
madak: Masa; Tidak.
Si Darta iku duwe pitik alas ulihe ngrawati wis lawas, prandane madak gelem tutut, meksa kesit.
sulung: Sebelumnya.
Si Sunar iku saben arep sekolah sadurunge mlaku wis adus sulung.
limang bentèl: Hitungan untuk ikatan padi.
Limang bentel pari ditaleni dadi siji diarani saringgi.
aju: Lantas.
Si Kanang warah nyang Si Lik clathune: mengko yen (kadhung-red) wis mari mangan aju menyanga sawah.
alak: Ungkapan untuk menunjukkan rasa sakit.
Si Wadi bokonge dicethut ring si Andon, sambate: Alak!
genengna=ginengena: Sudah pernah dibahas.
klendi=kalendi: Sudah pernah dibahas.
paran: Sudah pernah dibahas.
sekendi: Sudah pernah dibahas.
yara: Bukan? Tu kan? (Kata untuk memastikan).
Si Buwang ngengetaken Si Kanang, clathune: Aja menek wit kelor iku epange getas, Si Kana meksa menek, epange kang digandholi sempal nuli (aju-red) tiba sarta sambat lara, Si Buwang weruh nuli marani kambi clathu: Yara! Pancene lare mbeleng sing nurut abane wong tuwek.
anter: Kencang, untuk menerangkan kecepatan larinya hewan.
Si Andon lan Si Bun padha babaran (beber) nunggang jaran, nanging (taping-red) jarane Si Bun playune kalah anter lan jarane Si Andon.
sing, using: tidak.
Si Taha iku yen (kadhung-red) bengi ngajag (ngompra), yen raina turu bain sing gelem megawe, pancene males.
èwèr: Lucu, untuk omongan yang membuat orang tertawa.
Si Afi iku pancene ewer, saben ngomong dadi guyu.
èdhèng-èdhèng: Pelan-pelan.
Si Kanta ngengetaken Si Sukar, clathune: Yen (kadhung-red) nuthuk gembreng iku kang edheng-edheng, awit (merga-red) ana wong lara kadheman.
nana: Tidak ada.
Ring pasar iku sabane ana wong dodol duren, bareng (serta-red) ing dina iki kok mbeneri (tepak-red) nana.
rumyang: Ramai.
Umahe Pa Wara iku wis rong bengi iki katon rumyang, akeh wong lelungguhan, kabare arep nyunati anake.
kuwat: Kuat.
Si Andon iku mulih teka kebonan kuwat mikul klapa 40 iji.
koled (besiki): Lama, untuk menerangkan orang berjalan.
Pun Kanta punika dipun kengken lampahipun koled awit (merga-red) dlamakan suku sakit bubulen.
kuwelèh: Bosan, untuk menerangkan, banyak makan sampai tidak mau lagi.
Si Labu iku saban dina mangan duren, saking tuwuke sampe kuweleh.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.