Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-47-48)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 08 September 2023 08:45 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira (W74-04-47-48)


Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

kuthung: Patah.

Si Buwang iku mikul banyu rong gembreng pikulane kuthung tengah-tengah.

kepus: Basah, barang yang tersiram air.

Isun mulih teka ring pasar diudani panganggo sakujur kepus.

kepus=gebles.

kemejut: Hati yang terkejut dan berdebaran.

Uni bengi Isun mlaku-mlaku bareng (serta-red) tengah lelakon dicenggongi asu, atinisun kari kemejut.

sahal: Seketika itu.

Isun mau mbentuk ula keneng endhase, sahal iku terus mati.

lara tengah: Sakit perut.

Si Waluh iku saking akehe ulihe mangan rujak uni sampe lara tengah.

lipya (besiki): Lupa.

Pun Buwang mlebet-medal dhateng griya madosi lading mboten saged kepanggih, jalaran anggenipun nyalap lipya.

polah: Rajin bekerja.

Pa Bodhos iku lanang-wadon polah, mulane sandhang pangane cukup.

dhèmes: Hitam manis, dan wajahnya selalu terlihat tersenyum.

Si Sukarti iku pancene dhemes, yen (kadhung-red) ngomong kaya mesem bain, nyenengaken kang diajak ngomong.

gubab: Berbohong, antara omongan dan kenyataan tidak cocok.

Si Sunar warah nyang Si Darta yen (kadhung-red) ring tegal ana wong dodol pitik jago, Si Darta nuli (aju-red) marani dadak sing ana paran-paran, nuli clathu: Si Sunar iku pancene ahli goroh utawa gubab.

nganggreng: Terkaget lantas terdiam.

Si Buwang trima surat teka ring Si Bodhos, nuli (aju-red) diwaca surasane kurang kepenak, Si Buwang nuli nganggreng.

njelu: 1. (besiki: njelos) rasa hambar dan tidak enak pada makanan yang sudah dingin.

 Si Selo iku ulihe nyedhiani mangan dhayohe kesuwen durung ana teka, jangane rawon sampe njelos.

            2. Badan terasa dingin.

Si Labu iku wis 3 dina iki lara panas, balik saiki awake sakujur demekane krasa njelu.

metaunen: Sering; menjadi biasa/suka.

Yen (Kadhung-red) wong sarapan metaunen (tuman) ngombe wedang kopi, mangka liya dina yen sarapan sing ngombe kopi iku bisa metagihen utawa endhas nuli (aju-red) krasa ngelu.

melid=medhit: Pelit, orang yang tidak mau memberi kepada sesamanya.

Si Malik iku yen (kadhung-red) disilihi barange utawa dijaluki sing tau aweh, pancene wong melid.

gendheng=gubleg: Tuli, telinganya tidak mendengar.

Isun nemoni Si Surat mlaku ngetan, nuli (aju-red) celuk-celuk sing gelem nulih, ing ale parek, pancene gendheng.

genjah (gènjah): 1. Tidak sesuai; Tidak pas.

Isun tuku kertas garis rong lembar, bareng (serta-red) Sun domi (jait) dadi siji dadak garise genjah, ana kang kerep ana kang arang.

genjah=gèsèh.

            2. Ingkar janji.

Si Waluh lan Si Marsan wis semayan pancen arep menyang umahe Si Supana, bareng (serta-red) dhonge dhong arep mlaku dadak genjah semayane, balik ngajak menyang sawah.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor