Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-5-6)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 16 Agustus 2023 09:40 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira (W74-04)


Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

gyampang (gampang): Tidak sulit.

Isun nemoni layangan pedhot kesangsang ring wit asem, akeh lare kang arep menek nanging sing bisa, bareng (sarta-red) teka Si Waluh gyampang bain, lare siji dikongkon ngogrok parek wit asem, pundhake ditinggriki nuli (aju-red) dikongkon ngadeg, Si Waluh bisa menek terus mendhuwur njuwut layangan.

byain (bain): saja

Manuk brekutut iku saben tengah wengi gelebegan byain, nuli (aju-red) sun deleng dadak (cumpu-red) tikus cilik ana sajrone kurungan mangani gabah (beras),

tuwyan (tuwan): Panggilan untuk orang Arab.

Isun arep menyang umahe tuwyan Awat bin Jen.

bah lumuh: Ucapan orang yang marah-marah (biarkanlah-red).

Si Andon lan Si Buwang padha semayan engko sedhela engkas padha menyang sawah, bareng (sarta-red) tekan mangsane mlaku Si Andon nganteni kesuwen nuli (aju-red) ditinggal, mung kongkonan adhike aweh weruh yen (kadhung-red) wis mlaku, si adhik nuli warah nyang Si Buwang, balik Si Buwang mangsuli clathune: bah lumuh ditinggal masa getun isun!

bayu: Perjanjian orang yang bermain gitikan (saling memukul menggunakan sepotong rotan-red).

Si Bodhos lan Si Lebuh arep gitikan, sadurunge dilakoni padha bayu sing ulih nyampat endhas utawa rai.

bangkel: Marah-marah yang terpendam.

Isun yen (kadhung-red) ketemu Si Buwang magih bangkel, awit (ketang-red) isun tau diapusi.

brantun: (Tidak ada keterangan-red).

dimèné (dimané): Biarkan.

 Si Labu ngajak Si Waluh menyang pasar, si Bapak weruh nuli (aju-red) clathu: Si Waluh aja dijak nyang pasar, dimene mlaku nyang sawah.

jajang: Bambu, berbagai macam seperti: Jajang benel, Jajang serit, Jajang ori, Jajang watu dan lain-lain.

jodhog: tempat duduk yang hang cukup untuk satu orang, bentuknya ada yang segi empat ada yang bundar, terbuat dari kayu.

Si Trisna iku lungguh ring jodhog kambi mbatik.

ginengna: artinya sama dengan dimene yang disebut sebelumnya.

gini: Nama uang emas dan banyak macamnya, seperti: gini ringgit, gini rupiah, gini ukon, gini talen dan gini kethip.

ingsun (isun): Saya.

Isun uni bengi nonton wayang ring umahe Si Karman.

kalendi (klendi): Bagaimana.

Si Andon takon nyang Taman, clathune: Si Selo iku jarene lara kadheman, saikine klendi? Si Taman mangsuli: wis waras.

kediki (gediki): Begini.

Si Kusmin teka nyang si Kariya perlu njaluk wuruk nganam gedheg, Si Kariya nuli (aju-red) muruki kambi clathu: anamen gediki (miturut conto).

kediku (gediku): Begitu.

Si Buwang iku ngundhuh jambune Si Labu, sing suwe ana Si Lebuh teka ngengetaken Si Buwang, clathune: aja pati rusuh kediku, weruh kang duwe mundhak (engkotah-red) ditaboki.

kepileng: pingsan, orang yang kehilangan ingatan sama sekali.

Si Kacung iku tiba menek wit asem sampek kepileng.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor