Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-7-8)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 18 Agustus 2023 09:47 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira (W74-04-7-8)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
koled (besiki): Lama.
Pun (Pak-red) Suwana punika menawi dipun kengken punapa kemawon dhatengipun koled, awit (merga-red) dlamakan suku sakit bubulen.
madak: tidak/bukan.
Si Bus iku yen (kadhung-red) dikongkon madak suwe, gelis teka.
paran: Apa.
Si Bun takon nyang Si Waluh clathune: kang digawa iku paran? Si Waluh mangsuli: manuk glathik.
tingkrik: Berdiri di atas alas sesuatu.
Si Sunar ulihe nggayuh sawo (me-red) tingkrik ring jodhog.
canthuk: Anak cobek.
Si Ota iku nggawa bongkote Jajang digawe canthuk.
rika: Kamu, digunakan oleh orang yang lebih muda kepada orang yang lebih tua.
Si Sari takon nyang Si Kuran clathune: Rika (Si Kuran) arep nyang endi? Si Kuran mangsuli: Arep nyang pasar.
sira: Kamu, digunakan oleh orang yang lebih tua kepada yang lebih muda.
Pa Bodhos takon nyang Si Adi, clathune: Sira (Adi) wis sarapan? Adi mangsuli: uwis.
sekembu: Bekerja Bersama.
Si Marsa lan Si Santa padha sekembu bandha picis kanggo dagang.
sulung: Dulu.
Si Tara lan Si Labu padha semayan nonton wayang, nanging Si Tara dikongkon mlaku sulung.
sontok: jotos (memukul dengan kepalan tangan).
Si Andon tukar lan (ambi-red) Si Surat, Si Andon Cngkeme metu getihe disontok Si Surat.
sakiyen: Sekarang.
Si Waluh lan Si Buwang sekiyen padha nyang bum nonton kerameyan beberan nunggang jukung.
srenggala: (Tidak ada keterangan-red).
singkal: bajak, alat untuk mengolah sawah atau kebun, terbuat dari kayu bengkok yang dinamakan manthong, di bagian bawahnya ada besi yang dinamakan kejèn.
Pa Taha iku menyang sawah mikul singkal.
lumur: Gelas pendek yang tebal.
Si Selo teka pasar tuku lumur dhépok salusin.
lirang=arèn, jenis pohon palem (red) yang banyak gunanya.
Wite (lirang-red) kanggo piranti talang banyu, keduk (duk) digawe sapu (dhadhung), woh digawe manisan, bongkot papah ditumbuk metu pathine, sadane (semate-red) dianam digawe rantang (rombong) wadhah iwak mateng lan sajenge (legen) digawe gula utawa werak.
sajeng=legèn: Nama air sadapan dari garehan (manggar) yang diiris diwadahi golong.
Isun mari ngombe sajeng lirang entek rong cangkir rasane manis.
umbut: Pucuk pohon rotan, bisa diolah menjadi sayur pupuwan atau dikukus dicocolin sambal.
Si Buwang iku ulihe mangan nyandhing jangan pupuwan umbut.
empol: Pucuk batang pohon kelapa yang muda, warnanya putih seperti batang bawah pisan, bisa diolah menjadi sayur atau dikukus dicocolin sambal.
Si Andon iku ulihe mangan nyandhing kukusan empol klapa.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.