Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-9-10)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 20 Agustus 2023 06:40 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira (W74-04-9-10)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
klendhah=Kelapa, nama buah.
Si Karman iku teka kebonan mikul 20 iji klendhah.
poh: Mangga, berbagai macam, seperti poh golek, poh kopyor, poh ganda, poh gapang, poh cengkok dan lain-lain.
lalos= lepya (besiki): Lupa, menaruh barang dan tidak ingat tempatnya.
Pun Wadi madosi potelut mboten pinanggih, anggenipun nyalab lalos.
sedhar (besiki): Anjing, nama hewan.
Pa Mus punika nggadhah sedhar estri anak-anak sarta galak.
dalon (andhapan, besiki)= Celeng, Binatang yang dianggap sebagai hama.
Pa Kuming wonten kebonan nyenjata dalon nedha taneman jagung.
jawen: Anak sapi yang berumur setahun.
Si Andon teka ring pasar kewan tuku sapi jawen.
lancing: Anak lelaki berumur 14-15 tahun.
Si Waluh iku wis lancing, mulane wis birai nyang wong wadon.
truna: sebuah julukan.
Si Bodo siku lancing, bareng (sarta-red) dadi penganten nganggo juluk Truna (Trunajaya).
embeng: Sapi betina umur setahun.
dara (dhedhara): Sapi betina yang masih perawan.
babon: Sapi betina yang sudah beranak.
jadug: Kambing Jantan yang tidak dikebiri.
Si Labuiku duwe wedhus jadhug kanggo lanangan.
macan daden-daden: Macan gadungan; macan jadi-jadian.
Pa Mudin iku wis umum yen (kadhung-red) malem Jemuwah lan malem Senen sok (kerep-red) dadi macan daden-daden.
daugan: Kelapa muda yang isinya masih tipis.
Si Labu iku nyerbat daugan nganggo gula jawa (gula aren), rasane manis rada arum.
kiring: Buah kelapa yang sangat tua, kulitnya kering atau berwarna coklat sawo matang.
Ngundhuh klapa iku yen (kadhung-red) tetep saben 50 dina utawa luwih wohe akeh kang kiring.
nyaut: Mengambil makanan sambil berlari.
Si Labu mancing ring sagara, sing suwe iwake nyaut pancing digawa mlayu, nuli (aju-red) ditarik iwake keneng.
siya aren: Lidi dari ijuk aren, warnanya hitam dan sering digunakan sebagai pen untuk menulis.
Si Amat iku nulis kitab basa Arab nganggo pen siya aren (kalam).
caluk: Jenis senjata tajam yang ujungnya bengkok.
Pa Bandar iku ngasah caluk kanggo ngethoki Jajang.
panguthik (penguthik-red): Jenis senjata tajam ujungnya lancip, gagangnya dibuat dari kayu pellet atau tanduk, dihias dengan perak dan rangka terbuat dari kulit.
Si Buwang iku nyengkelit panguthik kari apik.
bodhing=wedhung: Jenis senjata tajam yang di ujungnya dibikin agak bundar.
Si Waluh iku nepasi klapa nganggo bodhing.
glagaran: kulit rokok yang terbuat dari kulit jagung tanpa direbus.
Rokok kretek iku klobote glagaran.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.