Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (07a-11-12)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 24 Juli 2023 08:30 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira 1920 (W74-07a-11-12)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

juragan dharat: pemilik perahu yang perahunya dijalankan oeh orang lain.

Pa Suma iku juragan dharat, jukunge diburuhaken nyang Pa Saleha juragan laut.

juragan laut: orang yang menjalankan jukung di laut.

Pa Saleha iku juragan laut, buruh nglakokaken jukunge Pa Suma juragan dharat, janji olih-olihe iwak paroan.

juwal beli sanda: (tidak ada keterangan-red).

jorog (jorogan): suap.

Si Waluh iku aweh jorog rupa picis f1 nyang pulisi kang nangkep dheweke (Si Waluh) pamrihe prakarane aja sampe diajokaken Nyang pengadilan.

jrupih: tebeng yang dipasang di kiri kanan jukung yang dibuat dari pelepah daun kelapa dan diapit menggunakan bambu.

Si Motasan iku masang jrupih jukung pancingan ana pinggir pesisir.

dhudha=pudhot: orang laki yang ditinggal mati istrinya atau karena bercerai.

Si Andon iku ulihe pegatan lan rabine wis lawas, prandane sing gelem rabi maning, mulane rak (yara-red) diarani wong dhudha.

dhukuh (padhukuhan): desa kecil yang menjadi jajahan desa besar.

Dhukuh Pring iku melu krajan desa Ketapang.

dhukun: berbagai macam pekerjaan dukun: dhukun pijet awak, dhukun wong duwe anak, dhukun suwuk.

Pa Sari iku dhukun suwuk, akeh wong teka nggawa tuwung utawa glas isi banyu nuli (aju-red) digawe tamba omben-omben wong lara weteng, lara watuk lan liya-liyane.

dhukun desa: disebut juga seblang.

Uni bengi ring umahe Si Tana ana dhukun desa, akeh wong kang padha teka nggawa jembung kanggo wadhah njaluk sarat (banyu tamba).

dhumpa: pekerja tanah negara yang dicabut dari pekerjaannya.

Pa Sela iku kawit (sakat-red) tahun iki dicacah dhumpa, awit (merga-red) wis tuwek sarta sing kuwat megawe.

durung: belum, kata keterangan.

Si Andon takon Nyang Si Bodhos, clathune: Si Dahun iku jarene arep munggah haji, apa bener? Si Bodos nyauri; during karuwan, awit (merga-red) picise during cukup.

Dolmen: (tiak ada keterangan-red)

dol tinuku: jual beli.

Si Adi iku duwe sawah werane sa bau didol payu f500 kontan, tinuku dening Si Buwang sarta nganggo surat katrangan tinulis ring kertas segel disebut dol tinuku.

èmpèng=ampah=sembrana: ceroboh.

Si Tama ngengetaken Nyang Si Darma, clathune: nampa gelas iku kang ati-ati, aja empeng gediku nawi temebluk pecah natoni suku.

èmpèr=gandhok: payon yang ada di pinggir rumah.

Si Marsana iku turon-turon ring emper umah kang wetan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor