Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (07a-15-16)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 26 Juli 2023 07:15 WIB)
- Kolom Bahasa Using




Cathetane R. Soedira 1920 (W74-07a-15-16)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

hibat: (tidak ada keterangan-red)

hindhu: nama suatu bangsa.

Isun mau nyang pasar nemoni wong akeh ngadeg ring ngarep toko, bareng (sarta-red) sun deleng kang dodol wong bangsa Hindhu.

Hindu=Hindhustan.

ingebehi=angebehi: nama sebutan dari orang lain sebagai bentuk penghormatan.

Si Brata iku kirim surat alamate ditulis: Katur dhateng ingebehi Sastradipoera.

isin: hampir searti dengan wedi (takut).

Si Pademi iku arep mlaku menyang pasar, bareng (sarta-red) weruh akeh lare lancing-lancing padha mangu-mangu pinggir lurung nuli (aju-red) wurung merga isin menawa diguyoni, awit dheweke rumasa dadi wong wadon kang magih enom (prawan).

islam: nama agama.

Sing (Hang-red) sapa wong kang manut pranatan agama Islam mangka wong iku sinebut bangsa Islam.

yasa=yasan: 1. barang miliknya sendiri.

Si Kanta iku duwe sawah yasan rong bau.

                2. gawe (besiki).

Pun Sumar punika angsalipun yasa gambar wayang sae sanget.

kajineman=upas bui: petugas penjara.

Si Kasiya iku wis lawas ulihe dadi kajineman, saiki wis katetepan dadi kepala kajineman.

kalebun: (tidak ada keterangan-red)

kamituwa: polisi desa.

Uni bengi ana kamituwa Pa Kanta repot Nyang lurah, yen (kadhung-red) Bodos duwe dhayoh wong liya desa milu nginep sawengi bain, esuke nuli (aju-red) mulih.

Kampong: desa, beserta namanya.

Kampong Kemasan iku mau-maune panggonane kemasan (tukang mas)

gantung: kawin gantung atau nikah gantung itu untuk anak perempuan berumur 7 tahun atau lebih yang sudah kawin, tetapi suaminya tidak boleh tidur seranjang karena belum sampai umur (balig), sebelum balig masih tetap ikut dengan orang tuanya sendiri.

Si Darsini iku kawin gantung lan (ambi-red) Darsana.

kebayan=denawa: polisi desa.

Uni bengi ana kebayan Pa Selo aweh prentah nyang wong kampungan, gedheg pekarangan kang rusak supaya diganti anjar lan dilabur pisan.

kebon: Tanah tegalan yang sudah banyak pepohonannya.

Si Labu duwe tegalan saiki wis pepak ditanduri klapa, kawit tahun iki buku desa nyacah kebon klapa.

kemunjilan=wuragil: anak terakhir (wekasan=bungkasan).

Mak Selo iku anake pitu, kang kemunjilan (no. 7) lanang aran Bujil.

kentolan: tidur di gendongan sambil menyusu.

Anake Mak Mus iku sing keneng diturokaken ring peturone, sadina-dina kentolan bain.

kepala: tetua.

Kepala desa (pryinggi) iku arane tetuwane wong sak desa.

Kepala kuli (mandhor) iku arane tetuwane kuli.

Kepala somah iku arane wong kang duwe umah. Upama: Miturut buku cacah jiwa desa, kepala somah no. 119 wong aran Pa Suganda.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor