Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (07a-17-18)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 27 Juli 2023 07:48 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira 1920 (W74-07a-17-18)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

kepala mudin: (tidak ada keterangan-red)

kepala pasar: tetua yang mengatur orang-orang yang berjualan di dalam pasar.

Si Sumarta iku dadi kepala pasar, saben dina ngatur lan njaga kahanane wong kang dodolan ring pasar.

kernet: 1. Temannya kusir kereta, naik di pijakan yang tinggi di belakang kereta, apabila kereta berhenti dia istirahat menunggu kudanya.

Kanjeng Bupati iku nitih kereta, kang dadi kernet Si Ari.

        2. Temannya tukang jahit jas.

Si Marsa iku dadi kernet penjahit, pegawenane ndondomi potongan bakal klambi jas.

kesusupan setan: kesusupan atau kesurupan setan berarti orang yang hanya menuruti hawa nafsunya.

Si Waluh ngomong Nyang Si Labu clathune: Isun mau Nyang pasar nemoni wong tukar, kang siji endhase tatu metu getihe, mesakaken! Si Labu nyauri: wong iku yen (kadhung-red) kesusupan setan lali lan belahine, wekasane getun.

klentheng=kunco: tempat orang Cina sembahyang.

Uni bengi ring klentheng ana wayang, sing suwe ana wong Cina metu teka njero klentheng sun takoni pengakune mari sembahyang.

kliwon: nama pasaran, sering ditulis dengan nama harinya, misal: Slasa Kliwon.

Pa Buwang iku arep nyunati anake lanang sakjerone wulan iki tanggal ping 10 dina Slasa Kliwon.

kubu (Basa Madura)=kuwu: nama pulisi desa.

Uni bengi ana kuwu Pa Kanta aweh prentah Nyang wong sajerone desa, mengko esuk wong-wong kang duwe sapi dikongkon teka Nyang umahe lurah (petinggi) lan sapine pisan digawa pisan bakal ana priksan.

kolekan: sampan besar, ada yang menamai sampan penambang untuk mengangkut orang yang akan naik ke kapal, ada juga yang menamakan kolekan penjaring karena hanya untuk menjaring ikan.

Isun mau mlaku-mlaku pinggir pesisir mbeneri (ketepakan-red) ana kolekan penjaring buru teka olih iwak akeh, sing suwe maning akeh wong teka padha tuku.

kondhe gelung malang: Rambut yang ada di kepala yang digulung bundar, dinamakan gelung kondhe. Kalau yang disusun melintang dinamakan gelung malang.

Kawit (sakat-red) jaman kuna wong lanang kang duwe rambut dawa gelung kondhe, wong wadon gelung malang, lawas sing lawas tumibaning (tekane-red) jaman saiki, wong lanang padha gundhulan (kethok rambut dawa) wong (lare) wadon padha gelung kondhe.

krajan: nama desa yang punya jajahan desa yang kecil (dhukuh).

Dhukuh Payaman iku milu krajan desa Giri.

kramat: 1. Kuburan yang menjadi pepunden banyak orang.

Kuburane Dhatuk Rahim iku kramat, saben dina akeh wong teka padha ngirim kembang (nyaur niyat).

              2. Kramat juga teruntuk guru-guru yang mengajar agama Islam yang sudah tersohor pintar dan menjadi pepunden banyak orang.

Kiyai Halil iku kramat, paran kang dadi piwulange dianggep sadhengah wong, paran maning yen (kadhung-red) pinuju duwe gawe paran bain, akeh wong kang teka tetulung.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor