Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (07a-19-20)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 28 Juli 2023 07:37 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira 1920 (W74-07a-19-20)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
layang dol tinuku: Nama surat keterangan menjual barang yang sudah laku.
Si Kusmin iku adol sawah Nyang Si Darsa nganggo layang dol tinuku ditulis nganggo kertas segel
lamaran: 1. Segala macam yang mengiringi pengantin berjalan sejak surup (duduk di pelaminan).
Kang diarani lamaran iku 1. Gulungan klasa isi siji bantal, 1 bokor isi kendhi dikudhung serbet, lan 1 dhulang (baki) kayu bunder isi 1 klapa, suruh, kembang jambe, 1 kati beras, 1 kerek gula Jawa, 1 lirang gedhang mentah utawa mateng lan 1 tukel lawe wenang, nuli (aju-red) dikudhungi nganggo serbet, iku kabeh digawa sarana ngetokaken lakune penganten lanang-wadon mlebu pajangan, kang nganggo lamaran iku penganten lancing olih prawan.
2. Orang yang disuruh untuk meminta puteri orang lain untuk dijadikan menantu.
Uni bengi Mak Darsan katekanan lamaran teka liya desa njaluk anake prawan aran Darwati, dene Mak Darsan durung bisa nyanggupi, dipikir-pikir sulung, njaluk tempo 7 dina lawase bisa olih putusan.
lamar masak (Basa Madura): maksudnya, pihak besan memberi besannya berupa makanan yang sudah matang.
lamar matta (Basa Madura): maksudnya, pihak besan memberi besannya berupa makanan (daging) yang masih mentah.
Besan weweh nyang wong tuweke penganten wadon, utawa sakbalike.
lambang=pangeret: kayu tulangan rumah.
Saben lambang siji disangga saka guru loro.
lambung (lambwang). Lambung= samping
Si Labu iku mbeneraken gedheg umah lambung kang kulon.
lambwang utawa lambing= pangeret.
langgar: pesantren. Bangunan tempat belajar ngaji kitab Quran.
Si Salim iku yen (kadhung-red) isuk mlebu sekolah, yen soren menyang langgar.
lancengan: (tidak ada keterangan-red)
lancingan: (tidak ada keterangan-red)
lancing nom: anak lelaki yang berumur 20 tahun.
Si Darsa iku lancing nom rabi olih prawan tuwek umur 40 tahun.
lancing tuwek: orang lelaki tua yang belum menikah.
Si Ganda iku wis umur 50 tahun, prandane sing gelem rabi, mulane diarani lancing tuwek.
lawang seketheng: Pintu hiasan yang terbuat dari empat buah bambu utuh dijajar dua-dua, di atasnya dibentuk gunungan menggunakan kembang-kembang dan gambar mahkota.
Si Waluh iku duwe gawe ngawinaken anake wadon, nganggo kramean nanggap gandrung, dene dalan ngarep pekarangan diselehi lawang seketheng sarta dicoloki damar tlempik klawan diatur, sawangane apik.
legi: 1. Nama pasaran yang ditulis Bersama nama harinya: Ngahat legi (Minggu legi-red).
2. Manis.
Ragi tape ku rasane campah nanging yen (kadhung-red) dinggo mbumboni kukusan sawi diinepaken sadina sawengi bisa dadi legi, diarani tape sawi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.