Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (07a-21-22)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 29 Juli 2023 08:42 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira 1920 (W74-07a-20-21)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
lumbung: tempat menyimpan padi.
Pa Ati iku dina iki sawahe ngunjal diitung olih 8 agem nuli (aju-red) dilebokaken nyang lumbung
lurah: Disebut juga Petinggi atau Kepala Desa.
Si Wadi iku ulihe dadi carik wis lawas, bareng (sarta-red) ring desane ana lowongan lurah Si Wadi bisa dadi lurah.
lontar=rontal: 1. Nama tulisan yang tertulis di daun tal (kropak).
Si Waluh iku duwe lontar tulisan Jawa.
2. Buku cerita kuna yang ditulis di atas kertas gendhong, memakai aksara pego (aksara Arab tetapi berbahasa Jawa).
Uni bengi ring umahe Si Bodhos melekan (jagongan) kambi maca lontar Yusup (carita Nabi Usup).
majapait: 1. Nama kraton yang dipimpin oleh raja Bernama Prabu Brawijaya (cerita jaman kuna).
2. Nama buah.
Isun mau ana ring pekarangane Si Waluh nemoni wit maja ana wohe, rupane ijo wangune bunder loncong, nuli (aju-red) ngundhuh siji trus sun sigar akeh wijine lan akeh pulute bareng (sarta-red) sun dilat rasane pait, mulane diarani majapait.
magang: Nama pekerjaan tetapi tidak dibayar, hanya sesekali mendapat hasil lain, pekerjaan tulis-menulis menjadi pembantu juru tulis.
Si Darma iku ulihe dadi magang kawedanan wis 8 tahun, saiki dadi jurutulis kantor Jeksa.
magersari=pagersari (pagersarén): tempat rumah para sentana.
Si Taman takon nyang Si Labu clathune: rika iku mlaku ngetan arep nyang endi? Si Labu nyauri clathune: Isun iki arep nyang magersari (pagersaren) ditimbali R. Ayu Patih pension.
mayang: pekerjaan seorang dalang yaitu menggerakkan wayang-wayangnya.
Saben-saben ana wayang dhalang Si Sura akeh wong kang padha nonton, awit (merga-red) padha dhemen ulihe mayang katon apik.
mak ènang: mak enang atau kembang kopi (Bahasa Melayu), nama sebuah lagu.
Isun uni bengi ndeleng komidhi Setambul, ing kono mbeneri (ketepakan-red) metune badhut menyanyi gendhing mak enang kang nonton rame padha gemuyu.
malu: 1. Bahasa Melayu artinya malu (isin-red).
2. Menumbuk, menghantam sesuatu dengan sarana palu besi.
mandareezen: (tidak ada keterangan-red).
mandung (besiki): mencuri, pekerjaan seorang maling.
Kala wau dalu ing pekampungan rame tiyang ngepung pandung mendung sawung.
manca negara bang wétan: (tidak ada keterangan-red)
mantri: nama pangkat dan berbagai pekerjaan.
Mantri penjuwal candu penggaweane tukang adol candu, mantri pulisi penggaweane ngurus prakara pulisi lan liya-liyane.
mantri dalem=mantri kabupaten: Punggawa kantor Bupati.
Mas Hadi iku maune dadi mantri pulisi, saiki dadi mantri dalem.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.