Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (07a-24-25

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 30 Juli 2023 08:16 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira 1920 (W74-07a-24-25)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

Halaman 23 diliwati merga kesingsal. Engko digoleti maning.

menyan: Sebangsa dupa, kalau dibakar asapnya berbau wangi.

Isun mau bengi kondangan slametan ring umahe si Bodhos, sadurunge mangan ana siji kang maca donga lan nyandhing wadhah pengasepan (pedupan) isi wangwa (geni) diselehi menyan nuli (aju-red) ngukus ambune wangi.

merbot: Nama pegawai masjid yang pekerjaannya menabuh bedug, bebersih masjid dan lain sebagainya.

misan kembang: sepupu yang merupakan keturunan dari orang laki perempuan yang bersaudara.

Si A lan Si B padha sadulur, Si A sadulur lanang duwe anak aran Si C, dene Si B sedulur wadon duwe anak aran Si D, dadi Si C lan Si D iku diarani misan kembang.

misan pancer: sepupu yang merupakan keturunan dari dua orang lelaki yang bersaudara.

Si A lan Si Bsedulur lanang padha lanang, Si A duwe anak aran Si C, dene Si B duwe anak aran Si D, patemone Si C lan Si D iku diarani misan pancer.

miskin: melarat, orang yang tidak punya sandang pangan yang didapat dari hasil kebun, sawah atau lainnya, terkadang sehari makan dan sehari tidak makan, bisanya makan karena meminta-minta.

Si Siman iku wong miskin sadina-dinane ulihe ngemis nyang sakehe wong, arep megawe awake sing kuwat.

mlayokake: Orang laki yang membawa orang perempuan pulang ke rumahnya.

Si Buwang iku ulihe bakalan lan (ambi-red) Si Darsini (prawan) wis lawas, uni bengi rame wong ngomong yen (kadhung-red) Si Buwang iku mlayokake Si Darsini (bakale).

modin: nama polisi desa.

Uni bengi ana modin Pa Saleh prentah nyang guru-guru mulang ngaji kitab Kuran supaya teka nyang umahe petinggi bakal olih prentah.

modin banyu= jaga tirta: orang yang bertugas mengatur air yang masuk ke sawah-sawah.

Uni bengi akeh wong kang teka nyang umahe modin banyu aran Pa Karsa aweh weruh yen (kadhung-red) lakune banyu teka talang slokan kurang beres, nuli (aju-red) modin banyu teka nyang sawah-sawah ngatur lakune banyu.

modin kawin: Nama polisi desa yang bertugas membawa orang yang akan menikah.

Pa Tijah iku modin kawin menyang masjid nemoni Ki Pengulu ngaturaken wong munggah kawin.

modin cacar: Nama polisi desa yang bertugas mengatur bayi yang akan disuntik oleh mantri cacar.

Pa Sanah iku modin cacar ngiringaken wong-wong kang duwe bayi nyang umahe mantri cacar.

mungsing: Nama seekor ikan laut, golongan ikan besar warnanya putih agak hitam, giginya besar dan tajam (hiu-red).

Si Kasim uni bengi mancing ring sagara olih iwak mungsing, dawane kira-kira 2 ½ depa didol payu f5.

munggahi: (tidak ada keterangan-red).

naib=(hatib lurah): Nama juru tulis kantor masjid.

Si Saleh iku wis lawas nggone dadi naib, saiki olih pangkat hakim (adj. pengulu).

nangkih: (tidak ada keterangan-red)

naptu: Hitungan jumlah hari.

Ngahad naptu 5, Senen 4, Slasa 3, Rebo 7, Kemis 8, Jumuwah 6, Saptu 9.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor