Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (07a-26-27)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 31 Juli 2023 08:25 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira 1920 (W74-07a-26-27)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
nebus: membayar harga barang-barang kiriman.
Si Labu iku menyang sepuran nebus bestelan barang-barang f1.50.
nerara: (Tidak ada keterangan-red).
ngajar=muruk: mengajar.
Si Darga iku tukang penegar jaran, ulihe ngajar lakune jarane Si Marsa wis dadi.
ngasab: 1. Ngasab=ngasah, mengasah benda agar menjadi tajam.
Si Waluh iku ngasah wadhung ring watu gedhe.
2. ngasab (asab)= pangur atau merapikan dengan cara memotong gigi.
Penganten wadon iku sadurunge dadi penganten kurang rong dina ngasab untu.
ngèhak: (Tidak ada keterangan-red).
ngapèk anak=ngamèt anak: mempunyai anak yang didapat dari mengambil anak orang lain (famili).
Mak Karsa iku ngapek anak kawit umur 40 dina saiki wis prawan.
ngeringgi: cara mengikat padi bentelan, setiap 5 bentel diikat menggunakan tali kawung (ijuk aren).
Si Labu iku dina iki menyang sawah ngresaya ngeringgi.
ngleboni: laku seorang anak lelaki yang masih pacaran mendatangi calon mertuanya, sungkem dan berjanji menyerahkan hidup matinya, tujuannya supaya segera dikawinkan dengan pacarnya.
Si Badar uni bengi ngleboni bakale, dene si bakal maratuwa ya wis nampa tekane si bakal mantu.
ngunjal: 1. Mengangkut padi dari sawah menuju lumbung penyimpanan padi dengan menggunakan cikar atau kuda.
Pa Karta iku dina iki sawahe ngunjal olih sepuluh agem.
2. ngunjal juga berarti burung yang membuat sarang.
Glathik iku munggah mudhun ngunjal susuh (sish-red).
unjung-unjungi: sungkem.
Yen (kadhung-red) pinuju lebaran wulan Sawal rame wong mlaku unjung-unjungi Para wong sepuh lanang wadon utawa nyang para guru mulang agama maksude njaluk sepura.
ngunggahi: 1. laku seorang anak perawan yang masih pacaran datang ke rumah bakal mertua memasrahkan hidup matinya dengan cara sungkem, tujuannya agar segera dikawinkan.
Uni bengi Si Suwati ngunggahi bakale, dene si bakal maratuwa ya wis nampa tekane si bakal mantu.
2. burung yang datang ke sarang burung yang lain.
Si Danu iku olih brekutut ngunggahi, nanjab sadhuwure kurungan brekutut kang gumantung sangarepe umah nuli (aju-red) dikurungi, bareng (sarta-red) gelem muni swarane kari apik.
nggunggahin: (tidak ada keterangan-red).
nyèwakaké: pinjam barang dibayar uang.
nyèwakaké umah: meminjamkan rumah dibayar uang.
Si Marta iku nyewakake umah ing dalem sak wulan f5.
naik (Bahasa Melayu atau Madura)=munggah (menek).
numpak karang: (tidak ada keterangan-red).
ulu-ulu ayer=mantri ulu atau mantri irigasi.
unggabin: (tidak ada keterangan-red).
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.