Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (07a-28-29)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 01 Agustus 2023 07:45 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira 1920 (W74-07a-28-29)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

 

urunan: mengumpulkan uang dari banyak orang.

Wong-wong sajrone desa iku padha urunan picis kanggo tuku lemah tegalan kanggo kuburan.

using: 1,7 en verder verspreid (1,7 dan menyebar lebih jauh-red). Using: tidak mau.

Si Wadi takon nyang Si Andon clathune: Andon apa gelem dikongkon nyang pasar? Si Andon nyauri clathune: using!

usuk=dur: kayu tulangan rumah yang ditempeli reng.

Si Waluh iku ndandani umah nyalini usuk kuthung.

oreng kenceng (Bahasa Madura): orang yang terkena pengayah tanah negara dan lain-lain.

oreng kuwat (Bahasa Madura): artinya sama juga dengan oreng kenceng yang disebut di atas.

paga gantung: nama wadah untuk menyimpan barang di dapur, dibuat dari lembaran bambu yang digapit digantung di dapur ditaruh di atas tungku.

Si Kartilah iku ulihe nyimpen barang anyar rupa welasah (tenong), rantang (rombong), kukusan, cuwek lan liya-liyane diseleh ring paga gantung.

paing: Nama pasaran yang sering ditulis dengan nama harinya, Slasa Paing.

Si Kartilah iku sesuk dina Slasa Paing arep slametan kebonan.

palang: 1. Nama kepala petinggi.

Ass. Wedana iku yen (kadhung-red) aweh surat parentah nyang petinggi-petinggi bawah perentahe, surat iku tumiba (temblug-red) nyang palang nuli (aju-red) kongkonan nglantaraken nyang petinggi-petinggi bawah prentahe.

                2. Palang: halangan.

Si Sana takon nyang Si Lebuh clathune: Si Labu iku dina Senen iki jarene arep nyunati anake apa bener? Si Labu nyauri clathune: iya bener! Nanging nemu palang, kang arep disunati lara panas, dadi wurung.

pamesi: (tidak ada keterangan-red).

pamoghi: (tidak ada keterangan-red).

panakawan: pembantu laki-laki.

Kangjeng Bupati iku duwe panakawan aran Si Bardan.

panjak kendhang: penabuh kendang.

Si Suwadi iku penggaweane dadi panjak kendhang gandrung lan kesuwur bagus (apik) ulihe nabuh kendhang, mulane yen (kadhung-red) ana tanggapan gandrung kang dadi panjak kendhang Si Suwadi akeh wong kang nonton padha dhemen maju (njoget).

panjer: 1. Panjer atau cenceng tanda  menguatkan perjanjian dengan memberi uang.

Gandrung iku wis nrima panjer teka ring si Labu akehe f5 bakal ditanggap kanggo tanggal 20 sajrone wulan iki, mangka sajrone tanggal 20 iku ana wong liya arep nanggap si gandrung ora gelem, awit (merga-red) wis nrima panjer.

                2. Panjer juga bisa berarti tiang kincir angin (kilingan) yang terbuat dari bambu utuh yang ukurannya kecil, panjangnya kurang lebih 4 depa.

Si Jaka iku naleni panjeran killing ana ring sa ndhuwure wit poh.

panembahan: (tidak ada keterangan-red).

pangeran: (tidak ada keterangan-red).

pangeran dipati: (tidak ada keterangan-red).

pangeran pepatih: (tidak ada keterangan-red).

pangeran ratu: (tidak ada keterangan-red).

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor